Angelina Sondakh
| Angelina Sondakh | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Angelina Patricia Pingkan Sondakh 28 Desember 1977 (umur 35) |
| Jeneng liya | Angelina Sondakh |
| Pagawéyan | Aktris, Politikus |
| Taun aktif | 2002 - samenika |
| Garwa | Adjie Massaid (2009-2011) |
| Anak | Keanu Jabaar Massaid |
Angelina Patricia Pingkan Sondakh (lair ing Australia, 28 Desember 1977; umur 35 taun) utawi misuwur kanthi asma Angelina Sondakh inggih menika Puteri Indonesia 2001 saking Sulawesi Utara.[1][2] Ing Pemilu 2004, Angelina kasil kapilih dados DPR Republik Indonesia saking Partai Demokrat.[1][2] Angelina dipunanggep minangka priyantun estri ingkang jenius lan milih jagad 'politik' minangka 'ladang' aktualisasinipun.[1] Menika bénten kaliyan Puteri Indonesia saderengipun ingkang milih jagad akting lan musik.[1] Sesarengan kaliyan Angelina Sondakh, bintang sinetron Adjie Massaid ugi kasil dados anggota DPR-RI kanthi parte ingkang sami.[1] Angelina Sondakh lan Adjie Massaid lajeng palakrami.[1]
Angelina dados Duta Orang Utan, Duta Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LIPI) lan Duta Bathik.[1] Kiprahipun Angie ing jagad politik dados mantep sasampunipun dipunlantik ing sasi November 2008 minangka pengurus KNPI periode 2008-2011.[1] Angie njabat minangka Ketua Bidang Pemberdayaan Perempuan.[1] Angie ugi nyalonaken malih minangka caleg kangge Pemilu 2009.[1] Wonten ing pungkasanipun taun 2008 Angelina mlebet Agami Islam.[1]
Bab lan Paragraf |
Pendidikan[sunting]
- Universitas Indonesia, Fak Ilmu Sosial & Ilmu Politik Program Doktoral (taksih dipunudi)[3]
- Universitas Indonesia, S-2 Manajemen Komunikasi Politik – taun 2009[3]
- Unika Atmajaya, Fak. Ekonomi Manajemen – lulus taun 1999[3]
- SMUN 2, Manado – lulus taun 1995[3]
- Armidale Public High School, Australia – Year 11 (1994)[3]
- Presbyterian Ladies College, Sidney – Year 9-10 (1992-1993)[3]
- SMP Katolik Pax Christi, Manado – lulus taun 1992[3]
- SD Laboratorium IKIP, Manado – lulus taun 1989[3]
Pagesanganipun[sunting]
Tanggal 29 April 2009 Angelina palakrami kaliyan Adjie.[1] Saking palakrami menika pikantuk putra ingkang dipunparingi nami Keanu Jabaar Massaid ingkang dipunlairaken kanthi caesar kanthi abot bayi 3,92 kg lan panjang bayi 55 cm.[1]
Kajiret Korupsi[sunting]
Panjenenganipun kajiret kasus pradhuga suap Proyek Wisma Atlet ingkang mbekta nama bendhahara Parte Demokrat Muhammad Nazaruddin.[4] Angelina sampun resmi nyandhang status tersangka.[4]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m (id)Angelina Sondakh dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
- ^ a b (id)Situs resmi dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
- '^ a b c d e f g h (id)"Angelina Sondakh dipunundhuh tanggal 28 Februari 2012)
- ^ a b (id)Angelina Sondakh Siap Dikonfrontasi dengan Rosa dipunundhuh tanggal 28 Februari 2012)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
