Andrea Pirlo
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Andrea Pirlo | ||
| Tanggal lair | 19 Mei 1979 (umur 34) | ||
| Papan lair | Flero, Lombardy, Italia | ||
| Dhuwur | 1.78 m (5 ft 10 in) | ||
| Posisi pamain | Pemain tengah | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Juventus | ||
| Nomer | TBA | ||
| Karir remaja | |||
| Brescia | |||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1994–1998 1998–2001 1999–2000 2001 2001–2011 2011– |
Brescia Internazionale → Reggina (pinjaman) → Brescia (silihan) A.C. Milan Juventus |
47 (6) 22 (0) 28 (6) 14 (0) 284 (34) |
|
| Tim nasional‡ | |||
| 1998–2002 2002– |
U-21 Italia Italia |
46 (16) 49 (7) |
|
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 18 Mei 2008. † Appearances (Goals). |
|||
Andrea Pirlo (lair ing Flero, Lombardy, Italia, 19 Mei 1979; umur 34 taun) yaiku sawijining pemain bal-balan kang posisiné dadi gelandhang.[1] Pemain iki asalé saka Italia lan saiki main ana ing tim Juventus.[2] Lelakuné karir Pirlo ana ing bal-balan:[1] Brescia (1994-1998 lan 2001), Internazionale (1998-1999 lan 2000), Reggina (1999-2000), A.C. Milan (2001-2011), lan Juventus (2011- )[2]
Ana ing A.C. Milan Pirlo wis dadi juwara liga Italia kanthi 1 titel Scudetto, 2 titel Liga Champions lan 1 titel Piala Donya Antar Klub.[1] Kanggo kariré ana ing tim nasional Italia, Pirlo wis main ing ajang Euro 2004, manangké medhali perunggu ing ajang Olimpiade taun 2004, lan dadi juwara ana ing Piala Donya 2006.[1]
Pirlo wiwit ditepungi ana ing kalangan bal-balan wiwit nalika isih main ana ing tim nasional Italia U-21, bareng karo Gennaro Gattuso, Nicola Ventola, lan uga Christian Abbiati.[1] Ana ing wiwitan kariré Pirlo main ana ing posisi gelandhang nyerang ananging dhèwèké bisa adhaptasi dadi gelandhang tengah lan uga gelandhang bertahan kaya kang dilakoni ana ing tim sing saiki dibéla.[1] Pirlo dadi inspirator ana ing lapangan merga dhèwèké duwé inspirasi kang kréatif kanggo gawé gol.[1]