Andre Marriner
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Informasi personal | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng | Andre Marriner | ||
| Tanggal lair | 1 Januari 1971 (umur 41) | ||
| Papan lair | Birmingham, West Midlands, England | ||
| Domestic | |||
| Taun | Liga | Peran | |
| ? - ? ? - ? 2000-2003 2003-2005 2005- |
Birmingham Amateur Football League Southern Football League Football League Football League Premier League |
Referee Referee Assistant referee Referee Referee |
|
| Internasional | |||
| Taun | Liga | Peran | |
| - | - | - | |
Andre Marriner, lair tanggal 1 January 1971, iku salah sijine wasit FA (Football Association), sing biasa mimpin pertandingan neng Liga Premier Inggris, dheweke duwe ngomah neng Sheldon, Birmingham.
Andre Marriner pungkasan dadi wasit ing pertandingan wigati Liga Premier mangsa 2009/10 tanggal 25 Oktober 2009 antara Liverpool lan Manchester United kanthi kamenangan tim tuan omah 2-0. Nanging jroning pertandingan kasebut Andre akèh netokaké kaputusan kontroversial sing ngrugèkaké kubu Manchester United, kayata:
- Carrager posisine sing njegal Owen, mung diparingi kartu kuning kamangka mestine langsung entuk kartu abang alias sent off.
- Insiden neng njerone kotak penalti Liverpool, Michael Carrick lagi nggawa bal terus langsung dijegal dening salah sijine pemain Liverpool, anehe iki ora dianggep pelanggaran kamangka kuwi kuduné diparingi hukuman penalti.
- Lucas Ndahe sing wis bolak bali gawé pelanggaran mung diparingi pepènet waé, kuduné saora-orané éntuk kartu kuning.