Andhuk
Andhuk yaiku salembar kain utawa kertas kang bisa nyerep cairan utawa banyu.[1] Andhuk digunakaké kanggo ngelap utawa nggaringaké awak, tangan kang teles amarga kringet utawa banyu.[1] Andhuk uga kanggo ngelap rambut sawisé kramas.[1] Tembung andhuk asala saka basa Belanda yaiku saka tembung handdoek.[1]
[sunting] Jinis
Jinis andhuk miturut ukuran ambané lan fungsiné ana telu.[1]
- Andhuk kang digunakaké kanggo nggaringaké awak sawisé adus.[1]
- Andhuk kang ukurané luwih gedhé saka angdhuk kang kanggo adus lan digunakaké kanggo turonan ing pinggir segara.[1]
- Andhuk kang ukurané luwih cilik saka andhuk kang kanggo adus lan gunané kanggo nggaringaké utawa ngelap tangan.[1]
[sunting] Kena ing guna
Saliyané kanggo nggaringake awak sawisé adus, andhuk uga kena dimanfaataké kanggo hadiah utawa kado ulang taun lan ing acara nganténan. [1]Saliyané iku andhuk uga kena kanggo bahan nggawé kerajinan tangan kayata tikus-tikusan, bébék-bébékan kang bakalé dibungkus kaya parsél lan diwénéhi bahan-bahan liyané kanggo hiasan utawa assesoris.[1] Andhuk uga digunakaké tukang cukur kanggo nutupi awaké wong kang dicukur rambuté supaya ora kena rambut kang wis di kethok.[1] Andhuk uga kena kanggo ngelap kringet nalika olahraga.[1] Biyasané andhuk dicénthélaké ing gulu nalika lagi mlaku-mlaku utawa mlayu-mlayu ing wayah ésuk utawa soré.[2]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.