Andes
Pagunungan Andes (Basa Quechua, anti, "jènggèr dhuwur") iku pagunungan paling dawa ing donya sing mbentuk rangkéyan dhataran dhuwur sadawané pesisir kulon Amérika Kidul. Pagunungan iki dawané luwih saka 7.000 km, ambané tekan 500 km ing sapérangan nggon (paling amba ing 18° tekan 20° LS), lan duwé kadhuwuran rata-rata watara 4.000 m. Pagunungan iki mbentang liwat pitung negara: Argentina, Bolivia, Chili, Kolombia, Ekuador, Peru, lan Venezuela, sing sok disebut "Negara-Negara Andean" (Andean States).
Rangkéyan pagunungan Andes utamané kapérang saka loro pagunungan gedhé Cordillera Oriental lan Cordillera Occidental, sing asring dipisahaké karo depresi antara sing njero, ing ngendi tumuli muncul rangkéyan pagunungan minor, kayataCordillera de la Costa ing Chili. Cordillera de la Costa awalé saka pojok kidul bawana lan terus ngalor, paralèl karo pesisir, kapecah dadi sapérangan pulo ing bagéyan awalé lan sabanjuré mbentuk wates kulon lembah tengah gedhé Chili. Nuju arah lor, rangkéyan ing pesisir iki terus minangka rangkéyan pabukitan utawa bukit-bukit kapencil sadawané Samodra Pasifik nganti tekan Venezuela, kanthi menthi mbentuk lembah ing bagéyan kulon rangkéyan gedhé.
Gunung paling dhuwur ing Andes yaiku Aconcagua sing dhuwuré 6.962 m dpl. Pucuk Chimborazo ing wilayah Ekuador yaiku titik ing lumahing bumi sing paling adoh saka pusat bumi amarga anané gelembung khatulistiwa (equatorial bulge). Andes ora bisa madhani Himalaya ing perkara kadhuwuran, nanging nguwihi ing babagan amba lan tikel loro luwih dawa tinimbang Himalaya.
Pranala njaba [sunting]
- (en) Andes geology (University of Arizona)
- (en) Climate and animal life of the Andes
- (en) Civilizations of Ancient Peru
- (en) Complete list of separate mountains in the Andes over 6000 m
- (en) Complete list of mountains in South America with a prominence of at least 1500 m
- (en) PhotoGlobe: Andes around Mt. Mercedario