Ancak-Ancak Alis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ancak-ancak Alis)
Dolanan Ancak-ancak alis

Ancak-Ancak Alis ya iku salah siji jeneng dolanan.[1] Manawi didelok saka jenenge, dolanan iki ora ana hubungane karo jenenge.[1] Ancak punika nama salah siji perlengkapan sesaji kang digawé saka anyaman pring, banjur diwènèhi pinggiran pelepah gedhang.[1] Manawi alis, didelok saka tembang kang dinyayekake nduwenu arti kebo.[1] Dolanan iki bisa dilakokake wayah ésuk, awan, sore, lan wengi ing wayah bulan purnama.[1] Dolanan iku nggambaraké uripé wong tani, dadi bocah-bocah cilik akèh kang seneng.[1] Taun 1930an dolanan ancak-ancak alis wis akèh sing ngerteni lan ora asing kanggone warga Yogyakarta.[1] Dolanan iki ora mbedakake antara lanang lan wadon, alias bisa dilakokake sapa waé lan ora ana batesan umur.[1] Dolanan iki arang-arang dilakokake amarga wonten dolanan anyar ingkang dibekto penjajah jepang jenenge ular naga.[1] dolanan ular naga punika memper banget kaliyan ancak-ancak alis nangin pambedane iku lagu kanggo ngiringi dolanan iki basane basa indonesia.[1] Dolanan iki asring dadekake dolanan sabendina bocah-bocah, tanpa kudu nggolèk piranti kang kanggo dolanan.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

jaman mbiyèn punika, sederengipun kemerdekaan bangsa Indonesia, dolanan kang diiringi kaliyan lagu-lagu dolanan iki kondhang ingkang berbagai wewengkon pedésaan ning masarakat pertanian Jawa.[2] Dolanan punika didolanake kaliyan bocah jaler lan èstri katahipun sekolah dhasar.[2] nanging bocah-bocah kang langkung énggal jaman mbiyèn taksih remen dolanan punika. Mbengi terang rembulan dados waktu favorit bocah-bocah kanggo dolanan, apa manèh pas dinten libur sekolah.[2] ning sekolah, bocah-bocah dolanan iki ana ing waktu jam istirahat.[2]

cara-cara dolanan[besut | besut sumber]

Wong loro ingkang dados babon semang lajeng balapan nggoleki anak semang sakakeh-akèhé nganggo cara nekoi kabèh anak semang ingkang dijaring.[3] Nalika babon semang A, manawi sampun éntuk anak semang langkung kathah saka babon semang B, nanging babon semang B derang sadhar akan kekalahane, lajeng saged nantang babon semang A kaliyan bocah-bocahipun lan bocah semangnya nganggo ngadu kakuwatan, nalika lomba tarik tambang.[3] manawi ingkang tarik tambang punika, babon semang B lan bocah-bocahe menang, lajeng kelompok iki dianggap dadi pemenang saka dolanan ancak-ancak alis.[3] Béntuk tantangane bermacam-macam, saged tarik tambang kados wau, utawi wujud sakliyanipun, contoné balapan lumayu, adu panco, lan sakliyanipun.[3] Nanging kabehane mau kudu disepakati rumiyin, sederengipun dolanan ancak-ancak alis berlangsung.[3]

lagu[besut | besut sumber]

Sair ancak-ancak alis iku ana warna-warna tuladhané:

  1. Menyang pasar Kadipaten/ leh-olehe jadah manten/ menyang pasar Ki Jodhog/ leh-olehe Cina bidhog//.[3]
  1. Dikekuru dilelemu/ dicecenggring digegering//. Sambil menyanyikan lagu itu, posisi tangan juru main A dan B diowah berbéntuk lingkaran, sambil menyanyikan lagu lain yakni: /kidang lanang apa wadon?/ yèn lanang mlumpata/ yèn wadon mbrobosa//.[3]
  1. Ancak-ancak alis/ si alis kebo janggitan/ anak-anak kebo dhungkul/ si dhungkul bang-bang teyo/ tiga rendheng/ enceng-enceng gogo beluk/ unine pating cerepluk/ ula sawa ula dumung/ gedhene salumbang bandhung/ sawahira lagi apa?//. Ketika keduanya menyanyikan lagu itu, juru main-juru main lain yang bergandengan berputar-putar mengelilingi kedua induk semang, dengan melewati gapura.[4]
  1. “Ancak-ancak alis, si alis kabotan kidang, anak-anak kebo dhungkul, si dhungkul bambang tego, tego rendheng, enceng-enceng gogo beluk, unine pating jerapluk, ula apa ula dumung, gedhene salumbung bandhung, sawahira lagi apa, wong désa".[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j Dharmamulya, Sukirman.2008. Permainan Tradisonal Jawa. Kepel Pess. Yogyakarta
  2. a b c d e Rujukan Kebudayaan Indonesia[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 22 Maret 2011)
  3. a b c d e f g "ANCAK-ANCAK ALIS-2(DOLANAN ANAK TRADISIONAL-15)". Diarsip saka sing asli ing 2010-06-13. Dibukak ing 2011-04-08.
  4. "ANCAK-ANCAK ALIS-1 (DOLANAN ANAK TRADISIONAL-15)". Diarsip saka sing asli ing 2010-06-13. Dibukak ing 2011-04-08.
  5. Alis, Permainan)