Ananda Mikola
| Ananda Mikola | |
|---|---|
Ananda Mikola |
|
| Lair | 27 April 1980 (umur 33) Jakarta, Indonesia |
| Pagawéyan | Pambalap mobil |
| Agama | Islam |
| Garwa | Marcella Zalianty |
| Anak | Kana Mahatma Soeprapto |
Ananda Mikola inggih punika pambalap ingkang lair ing Jakarta, 27 April 1980. Bapak saking Ananda Mikola inggih punika mantan pambalap Nasional, Tinton Suprapto. Debut Nanda dipunwiwiti ing taun 1993, Nanda dados juwara Formula Asia. Piyambakipun tampil ing Formula 3000 ing taun 1999 ngantos 2001 lan piyambakipun dados jawara Asia F3 ing musim 2003. Nanda absen ing Formula, ngantos piyambakipun dados pambalap Indonésia A1 Indonésia ing ajang A1GP. Prestasinipun ingkang paling sae inggih punika dados finalis no 5 seri Shanghai 2006. Nanda nate gadhahi sesambetan kusus kaliyan Wulan Guritno, randha ingkang gadhahi lare setunggal, mantan garwa saking Atilla Syah. Sanesipun kaliyan Wulan, ugi wonten Revalina S Temat, mantan pacar saking Panji Triatmodjo, lan ingkang pungkasan Nanda pacaran kalih aktris Laudya Chintya Bella. Pungkasanipun dados garwanipun aktris Marcella Zalianty.[1]
Prestasi Saking Ananda Mikola[sunting]
Prestasi ingkang dipungadhahi Nanda inggih punika:
- 1993: Grup N Indonesia
- 1994: Jawara Grup N Indonésia, Jawara Kart Indonesia
- 1995: Jawara Grup N Indonesia
- 1996: Jawara Formula Indonesia
- 1997: Italian Formula 3
- 1998: Italian Formula 3
- 1999: Italian Formula 3000
- 2000: Euro Formula 3000
- 2001: Euro Formula 3000, Central European Formula 3
- 2003: World Series Lights
- 2004: Asian F3, menang 3 seri saking 4 seri
- 2005: Asian Formula 3, A1 Team Indonesia[2]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ (id)[ http://selebriti.kapanlagi.com/indonesia/a/ananda_mikola/ selebriti.kapanlagi.com](dipuntingali tanggal 25 Agustus 2011)
- ^ (id)www.cumicumi.com(dipuntingali tanggal 25 Agustus 2011)