Amy Winehouse

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Amy Winehouse
Informasi latar wuri
Jeneng lair Amy Jade Winehouse
Genre Soul
R&B
Jazz
Funk
Pegawéyan Penyanyi
Penulis lagu
Taun aktif 2003–2011
Label Island
Lioness Records
Universal Republic (Amerika Serikat)
Situs wèb www.amywinehouse.co.uk

Amy Jade Winehouse (14 September 1983 - 23 Juli 2011) iku penyanyi lan pencipta tetembangan soul, jazz, lan R&B saka Inggris, Dhèwèké ditepungi dadi penyanyi, musikus jazz lan panyerat lagu.[1] Debut albumé anduwèni judul Frank 2003, kang akiré mlebu ing nominasi the Mercury Prize ora namung tau menangaké Ivor Novello Award ing taun 2004 lewat debut single Stronger than Me.[1]

Ing taun 2006, dhèweké uga ngrilis album kang kapindhoné, Back to Black, lan ing tanggal 14 February taun 2007 mbiyèn, dhèwèké menangaké BRIT Award for Best British Female Artist saka albumé kuwi.[1]

Ing kauripané, Winehouse bebrayanan karo pepujaning atiné, Blake Fielder-Civil sawisé bola-bali ngalami pedhot sambung. [1] Wong loro mau omah-omah ing tanggal 18 Mei 2007 ing Miami, Florida. [1]

Ananging, olèhé omah-omah kuwi ora suwé.[1] Blake kang kejiret masalah lan kudu mlebu kunjara ngajokaké gugatan pegat.[1] Ora namung pangalaman lan kahebatanné ing donya musik, meneng-meneng uga anduwèni bakat ing bidang seni peran.[1] Dhèwèké uga nyoba main ing film kang judulé Dangerous Minds produksi Universal Pictures.[1]

Senadyan anduwèni polah kang ora apik, kayata ngisep ganja, ananging Winehouse uga anduwèni naluri kang lembut. [1] Buktiné dhèwèké anduweni anak baptis kang umuré 12 taun, Dionne Bromfield.[1]

Artis kang kerep anggawé sensasi iki, wus nuku studio musik anyar ing awal taun 2010. [1] Studio anyar iki dijenengi Slammer Studios iki ana ing ngarepé Kunjara Pentoville ning London.[1] Winehouse anduwèni rencana nulis tetembangan kanggo albumé kang paling anyar.[1]

Taun 2011, patang taun Amy wus suwé ora ngrilis album.[2] Amy bakal bali ing panggung musik kaya mbiyèn bebarengan karo Cee-Lo Green kanthi cara kolaborasi.[2] Albumé dirilis déning Cee-Lo Green pancèn wus dadi, ananging ana masalah birokrasi kang kudu dibahas sadurungé dipasaraké.[2] Albumé kang kaping telu iki paling ora padha apiké karo Back To Black kang bisa ngeraih 7 platinum ning Eropa lan mèncok ing puncak andha lagu ing sawetara negara. [2]

Ing tanggal 23 Juli 2011, Amy Winehouse ditemokaké wis tilar donya ing omahé ing London Lor.

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)biografi amy winehouse dipunaksès tanggal 10 Juli 2011
  2. ^ a b c d (id)berita Amy Winehouse dipununduh tanggal 10 Juli 2011

Pranala njaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Amy_Winehouse&oldid=831118"