Amaranthaceae
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Amaranthaceae | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Core eudicots |
| ordo: | Caryophyllales |
| kulawarga: | Amaranthaceae |
| Genera | |
|
Pirsani tèks |
|
Suku bayem-bayeman utawa Amaranthaceae iku salah siji suku anggota tetanduran ngembang. Miturut Sistem klasifikasi APG II suku iki dilebokaké jroning bangsa Caryophyllales, klad dikotil inti (core eudicots) nanging ora klebu jroning rong klompok gedhé, rosids lan asterids. Jroning suku iki klebu uga anggota-anggota Chenopodiaceae sensu Cronquist, sing jroning sistem APG II ora dadi takson manèh, nanging diakoni minangka anaksuku Chenopodioidae jroning Amaranthaceae, sawisé dikurangi sapérangan anggotané.
Anggota-anggotané sing wigati yaiku bayem lan bit godhong (janganan lan wiji-wijian), bit gula (tetanduran pangasil gula), kinoa (sejinis serealia semu), lan jengger-pitik (tetanduran hias).
Wikimedia Commons gadhah galeri bab: