Amara
| Amara | |
|---|---|
| Latar mburi | |
| Jeneng lair | Tuwuhadijatitesih Amaranggana |
| Lair | 8 Juli 1975 (umur 36) |
| Jeneng liya | Amara Lingua |
| Perdamelan | aktris, penyanyi |
| Taun aktif | 1996 - saiki |
| Hubungan | |
| Pasangan | Frans Mohede |
Amara nduwèni jeneng jangkep Tuwuhadijatitesih Amaranggana (lair ing Jakarta 8 Juli 1975; umur 36 taun).[1] Amara iku salah siji pemain sinétron lan penyanyi Indonésia.[2] Amara uga ana kang ngundang kanthi jeneng Amara Lingua.[2] Iki amarga Amara iku salah siji personèl grup vokal trio Lingua bareng karo Frans Mohede kang dadi bojoné lan Arie.[2] Trio iki ditepungi lan tau nggawé hits kayata "Bila Kuingat", "Jangan Kau Henti", "Tak'kan Habis Cintaku", "Aku", "Bintang". [2] Grup vokal iki dibentuk karo Yovie Widianto.[2] Ananging wiwit taun 1996, grup musik iki banjur vakum.[2]
Amara banjur miwiti karir ing donyaning hiburan nalika dadi jawara 3 covergirl kalawarti Mode taun 1989.[2] Sawisé iku Amara banjur akting ing film lan sinétron.[2] Sinétron kang tau dibintangi Amara kayata Cinta Tak Pernah Salah, Cintaku Di Rumah Susun, Ketika Cinta Berbunga. Lumantar aktingé ing sinétron iki jenengé sangsaya misuwur.[2]
Amara nikah karo wong lanang kang jenengé Frans Mohede nalika tanggal 1 Desember 1999 ing Hongkong.[2] Frans Mohede uga personèl Lingua.[2] Saka bebrayanan iki, Amira nduwé anak kang cacahé loro yaiku Mahiza Nathaniel Sabharana Arianprawira lan Janitra Nathaniel Samawikrama.[2] Ananging pernikahan iki ora direstui ibuné Amira.[2] Ibuné Amira ora ngrestui amarga Amira lan Frans Mohede iku ngugemi agama kang béda.[2]