Alster
| Alster | |
| Kali | |
|
Alster ing Hamburg
|
|
| Country | Jerman |
|---|---|
| States | Schleswig-Holstein, Hamburg |
| Distrik | Segeberg |
| Tributaries | |
| - left | Bredenbek, Ammersbek, Saselbek, Osterbek, Wandse |
| - right | Tarpenbek, Isebek |
| Source | |
| - location | Henstedt-Ulzburg, Schleswig-Holstein |
| - coordinates | 53°45′49.1″N 10°0′17.4″E / 53.763639°N 10.004833°E |
| Mouth | Elbe |
| - location | Hamburg |
| - coordinates | 53°32′40″N 9°59′0″E / 53.54444°N 9.983333°E |
| Length | 53 km (33 mi) |
Alster yaiku anak kali saka kali Elbe kang dumunung ing Jerman Lor.[1] Alster ngliwati kutha Henstedt-Ulzburg, Schleswig-Holstein, nganti tekan Elbe ing tlatah Hamburg.[1] Ing Hamburg, kali Alster dibendung. Ing Hamburg Alster kapérang dadi loro kang awujud tlaga.[1] Sumberé kali Alster yaiku saka rawa cilik ing Brook Timhagen ceraké [[Henstedt-Ulzburg, 25 km (16 mil) lor Hamburg. Dhaérah kéné iki didadèkaké papan panggonan wisata karo pamaréntah kanggo masarakat Jerman.[1]
Sajarah [sunting]
Alster diadègaké ing muara kali ing abad 9 lan digunakaké dadi port. Banyu ing muara kali bisa digunakaké kanggo irigasi. Alster wiwit dibendung saka taun 1190.[1] Ing abad 15 lan 16, kanal ing Alster dibangun kanggo nyambungaké Hamburg karo Lübeck. Kanal kang nduwèni dawa kurang luwih dawané 8 km (5.0 mil).[1] Kutha Hamburg digedhèkaké ing pinggir kali Alster, lan akèh dibangun navigasi kali. Nganti abad 9 digunakaké kanggo transportasi banyu nganggo kapal tongkang sing tujuané menyang kutha Kayhude.[1] Kapal Tongkang ngangkut bahan bangunan, bahan bakar, lan sembako.
Ékonomi [sunting]
Anak perusahaan saka Hochbahn Hamburger, nyedhiakaké transportasi umum lan papan kanggo pariwisata ing kutha Hamburg. Tlaga Alster iki dadi jantung kutha lan dadi swargané kanggo pandhayung.[2] Sakliyané kuwi akèh sing ditawakaké ing pinggiran teluk Alster kaya déné papan kanggo dolan, kulawarga, lan dolanan.[2] Uga ana kafé lan rèstoran sing nawakaké kaéndahan teluk Alster.[2]