Alpha Centauri
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 24 Maret 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning JV03 Hamam Anwaruddin Al Ghifari (Kontrib • Log) 59 dinten 1077 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Dhata pangamatan Epos J2000 |
|
|---|---|
| Rasi lintang | Centaurus |
| Asensio rekta | 14j 39m 36.5/35.1d |
| Dhéklinasi | -60° 50′ 02.3/13.8″ |
| Magnitudo katon (V) | -0.01/+1.34/+11.05 |
| Ciri-ciri | |
| Kelas spektrum | G2 V/K1 V/M5.5 Ve |
| Indèks warna U-B | 0.24/0.64/1.54 |
| Indèks warna B-V | 0.65/0.85/1.97 |
| Jinis variabel | Tidak ada |
| Astrometri | |
| Kacepetan radhial (Rv) | -21.6 km/s |
| Gerak dhiri (μ) | RA: -3678.19 mas/taun Dek.: 481.84 mas/taun |
| Paralaks (π) | 747.23 ± 1.17 mas |
| Let | 4.365 ± 0.007 tc (1.338 ± 0.002 pc) |
| Magnitudo mutlak (MV) | 4.38/5.71/15.49 |
| Detail | |
| Massa | 1.100/0.907/0.1 M☉ |
| Radhius | 1.227/0.865/0.2 R☉ |
| Gravitasi permukaan (log g) | 4.30/4.37[1] |
| Luminositas | 1.519/0.500/0.00006 L☉ |
| Suhu | 5,800/5,300/2700 K |
| Metalisitas | 130-230% Sun |
| Rotasi | ? |
| Umur | 5-6 × 109 taun |
| Orbit lintang gandha visual | |
| Lintang sékundhèr | Alpha Centauri B |
| Periodhe (P) | 79.24 taun |
| Sumbu semi-mayor (a) | 17.59" |
| Eksentrisitas (e) | 0.516 |
| Inklinasi (i) | 79.24° |
| Bujur node (Ω) | 204.87° |
| Epoch periastron (T) | 1955.56 |
| Réferènsi database | |
| SIMBAD | data |
| ARICNS | data |
| Pamènèhan jeneng liya | |
| Réferènsi database | |
| SIMBAD | data |
Alpha Centauri (α Cen / α Centauri); (dikenal uga minangka Rigil Kentaurus, Rigil Kent, utawa Toliman) yaiku lintang paling padang ing rasi Centaurus. Sanadyan kétok kaya siji titik dideleng nganggo mata, lintang iki sejatiné yaiku sistem telung lintang.
Alpha Centauri yaiku sistem lintang paling cedhak saka tata surya, kanthi jarak 4,2 tekan 4,4 taun cahaya. Amarga kuwi, akèh cerita fiksi ilmiah mbayangaké salah sijining dina manungsa arep lungo ing kunu.
Bab lan Paragraf |
Tetingalan [sunting]
Kanthi magnitudo gabungan -0,27,[2] Alpha Centauri kétok minangka lintang tunggal ing langit nalika bengi menawa dideleng nganggo mata tanpa bantuan alat, paling cerah ketiga, kalah padang saka Sirius lan Canopus.
Kanthi deklinasi -60°50', Alpha Centauri bisa dideleng dening sebagian gedhé wong sing mapan ing belahan bumi kisul. Kanggo sing mapan ing lintang sing luwih dhuwur saka 29°10’ selatan, Alpha Centauri bakalé dadi lintang sirkumpolar. Tetingalan paling apik yaiku nalika pungkasan wulan April utawa awal Mei, nalika kuwi Alpha Centauri mapan ing sekitaré meridian ing tengah wengi. Bareng karo Beta Centauri, Alpha Centauri dadi ’’pointer ing arah Crux’’. Kanthi pointer iki sing bisa mbédakaké saka crux palsu.
Piranti [sunting]
"Alpha Centauri" ("Rigil Kentaurus") yaiku jeneng sing diwènèhi kanggo obyek paling padang ing Rasi Centaurus sing kétok minangka siji lintang nganggo mata lan tanpa alat. Kanthi bantuan teleskop, obyek kasebut bisa didetèksi minangka salah sijining sistem lintang ganda, disebut "Alpha Centauri AB", lan kerep disingkat minangka "α Centauri AB" utawa "α Cen AB", kanthi piranti utama (sing paling padang) disebut "Alpha Centauri A (α Cen A)" lan piranti kaloro kasebut "Alpha Centauri B (α Cen B)".
Ana piranti katelu kanthi jarak pisah 2,18° saka sistem AB, kasebut "Proxima Centauri", utawa "Proxima", utawa "α Cen C". Jarak pisah kasebut luwih gedhé saka jarak pisah piranti A karo B saingga menawa Proxima Centauri padangé cukup lan bisa dideleng nganggo mata, kétok minangka bintang sing pisah saka sistem α Cen AB. Alpha Centauri AB lan Proxima Centauri mbentuk sistem bintang ganda, sing diasumsèkaké terasosiasi kanthi gravitasional nganggo sistem α Cen AB. Bukti langsung menawa Proxima nduwèni orbit elips tipikal bintang ganda, durung ditémokaké.[3]
Etimologi [sunting]
Lintang iki nduwèni jeneng tradisional Rigil Kentaurus (kadang-kadang disingkat dadi Rigil Kent utawa disebut uga Rigjl Kentaurus utawa Riguel Kentaurus ing basa Portugis), asalé saka basa Arab Rijl Qantūris utawa Rijl al-Qantūris, sing artine "sikil centaurus,". Jeneng alternatife yaiku Toliman sing mungkin asale saka basa Arab al-Zulmān ("manuk unta"). Sasuwéné abad 19, Elijah H. Burritt kerep nyebut lintang iki Bungula, mungkin asalé sak gabungan antarané "β" lan ing basa Latin ungula ("kuku"). Jeneng liyané yaiku :
| jeneng liya | asalé basa | artiné |
|---|---|---|
| 南門二 / Nánmén'èr | Cina / Mandarin | bintang kaloro ing rasi Gerbang Kidul[4] |
| Kamailehope | Hawaii[5] | |
| ποῦς κοντούρος / Pous Kontouros | Yunani | sikil centaurus[6] |
| Serk‑t | Mesir Kuno | [6] |
| Nergub-Gudelim | Sumeria | sikil kiwa centurus[7] |
| Nan Mun | China | gerbang kidul[6] |
Saliyane rasi Centaurus, bintang iki uga minangka anggota saka pirang-pirang rasi utawa asterisma ing ngisor iki :
| jeneng rasi / asterisma | asalé | artiné | anggota liyané |
|---|---|---|---|
| Southern Pointers[8] | tanda ing kidul | β Cen | |
| Nā Kuhikuhi[9] | Hawaii | Jenenga Hawaii kanggo Southern Pointers | β Cen |
| 南門 / Nan Mun, Nánmén | Cina / Mandarin | Gerbang Selatan | ε Cen |
| Dark Emu[10] | emu hitam | (ing antarané)β Cen | |
| Llamacñawin[11] | Inca | mata sang llama | β Cen |
Deleng uga [sunting]
Referensi [sunting]
- ^ Gilli, G.; Israelian, G.; Ecuvillon, A.; Santos, N. C.; Mayor, M. (2006). "Abundances of Refractory Elements in the Atmospheres of Stars with Extrasolar Planets". Astronomy and Astrophysics 449 (2): 723-736. http://adsabs.harvard.edu/abs/2005astro.ph.12219G. Retrieved 2007-06-01.
- ^ Burnham, Robert (1978). Burnham's Celestial Handbook. Courier Dover Publications. pp. 549. ISBN 048623567X.
- ^ Mason, B.D.; Wycoff, G.L. I. Hartkopf, W.I.. (2008). "Washington Visual Double Star Catalog, 2006.5 (WDS)". U. S.Naval Observatory, Washington D.C.. http://ad.usno.navy.mil/wds/.
- ^ salah sijining rasi bintang miturut bangsa Cina
- ^ http://honolulu.hawaii.edu/hawaiian/voyaging/files/t07-navigation/t07-02_fsl.html#pointers
- ^ a b c http://penelope.uchicago.edu/Thayer/E/Gazetteer/Topics/astronomy/_Texts/secondary/ALLSTA/Centaurus*.html
- ^ http://www.astroprofile.com/celeb2005astropdf/BushLauraFixedStars.pdf
- ^ http://www.constellationsofwords.com/stars/Agena.html
- ^ http://honolulu.hawaii.edu/hawaiian/voyaging/files/t07-navigation/t07-01_glossary.html#sect0211
- ^ http://74.125.153.132/search?q=cache:DpXnjV5JIx0J:www.urania.be/showfile.php%3Fid%3D3095+auriga+%22Flying+Minnow%22&cd=13&hl=id&ct=clnk&gl=id&client=firefox-a
- ^ http://www.astronomy.pomona.edu/archeo/andes/startable2.html