Aloysius Gonzaga
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Aloysius Gonzaga | |
|---|---|
| Panampi pangakenan dosa | |
| Miyos |
Castiglione delle Stiviere, Negari-Negari Kapausan |
| Séda | 21 Juni 1591 (umur 23) Roma, Negari-Negari Kapausan |
| Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma |
| Beatifikasi | 19 Oktober 1605, Roma, Negari-Negari Kapausan déning Paus Paulus V |
| Kanonisasi | 31 Desember 1726, Roma, Negari-Negari Kapausan déning Paus Benediktus XIII |
| Papan ziarah utama | Gréja Santo Ignazio, Roma (pasaréyanipun) |
| Dinten pèngetan | 21 Juni |
| Atribut | Lili, salib, cumplung, rosario |
| Pangreksa | murid ingkang taksih anèm, Christian yo nnnuth, novisiat Yesuit, panandhang wuta, pasièn AIDS, AIDS care-givers |
Aloysius Gonzaga (lair 9 Maret 1568 – tilar donya ing Roma, 21 Juni 1591 kanthi yuswa 23 taun) inggih punika santo pangreksa kamurnèn kaum enèm Katulik ingkang dipunlambangaken kanthi satunggiling frater lan sekar lili (bakung).
Lambang [sunting]
Aloysius Gonzaga dipunlukisaken kanthi gambaran satunggiling priya enèm ngagem jubah cemeng kanthi superpli pethak. Atributipun arupi sekar lili, ingkang nglambangaken kasucèn pribadinipun. Salib ingkang dipuncepeng nedahaken kasetyan lan kurbanipun salaminipun gesang. Cumplung nedahaken karyanipun ing tengah-tengah tiyang ingkang ngadhepi pepati. Rosario nedahaken dhévosinipun dhumateng Sang Kenya Maria.