Alkuna
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Alkuna iku hidrokarbon ora jenuh sing duwé ikatan rangkap telu. Sacara umum, rumus kimiané CnH2n-2. Salah sijiné yaiku etuna sing disebut uga minangka asetilen jroning perdagangan utawa menangka pengelasan.
Tata Jeneng [sunting]
Kabèh anggota alkuna mawa akiran -una lan miturut IUPAC.
Ranté karbon lurus [sunting]
Kanggo alkuna ranté lurus, dijenengi selaras karo alkana kanthi gunggung atom karbon sing padha, nanging diakiri mawa -una. Ing ngisor iki alkuna mawa gunggung atom karbon 2-10 diarani:
- Etuna, C2H2
- Propuna, C3H4
- Butuna, C4H6
- Pentuna, C5H8
- Heksuna, C6H10
- Heptuna, C7H12
- Oktuna, C8H14
- Nonuna, C9H16
- Dekuna, C10H18
Ranté karbon mawa cawang [sunting]
Kanggo mènèhi jeneng alkuna kanthi ranté mawa cawang padha mèmper karo alkana ranté mawa cawang. Nanging "ranté utama" ing prosès pamènèhan jeneng kudu liwat ikatan rangkap 3, lan prioritas panomeran diwiwiti saka pujok sing paling cerak marang rangkap 3.