Alih aksara
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Alih aksara, utawa kadhangkala disebut transliterasi iku pengalihan jinis aksara menyang jinis aksara liyané. Upamané alih aksara saka aksara Jawa menyang aksara Latin, saka aksara Jawi menyang aksara Latin saka aksara Arab menyang aksara Latin utawa saka aksara Sirilik menyang aksara Latin.
Ana rong jinis wangun alih aksara, yaiku alih aksara diplomatik lan alih aksara kritis. Jroning wangun alih aksara sing pisanan iki ana rélasi 1:1 saka aksara asal menyang aksara tujuan, déné sing sijiné ora.