Ali Sadikin
|
Ali Sadikin
|
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 1966 – 1977 |
|
| Pejabat sadurungé | Soemarno |
| Pengganti | Tjokropranolo |
|
|
|
| Mangsa jabatan 13 November 1963 – 28 Maret 1966 |
|
| Pejabat sadurungé | R. Iskandar |
| Pengganti | Hidajat Martaatmadja |
|
|
|
| Lair | 7 Juli 1927 Cithakan:Bendera belanda Sumedang, Jawa Kulon, Hindia Walanda |
| Tilar donya | 20 Mei 2008 (umur 80) |
| Kabangsan | Indonesia |
| Pasangan | Nani Sadikin |
Ali Sadikin (lair ing Sumedang, Jawa Kulon, 7 Juli 1927 – tilar donya ing Singapura, 20 Mei 2008 kanthi yuswa 80 taun.[1] Ali sadikin yaiku letnan jenderal KKO-AL (Korps Komando Angkatan Laut) kang diutus déning Presiden Soekarno dadi Gubernur Jakarta ing taun 1966.[1] Sadurungé, dhèwèké taudadi Deputi Kepala Staf Angkatan Laut, Menteri Perhubungan Laut Kabinet Kerja, Menteri Koordinator Kompartemen Maritim/Menteri Perhubungan Laut Kabinet Dwikora lan Kabinet Dwikora kang ana ing sangisoré pimpinané Presiden Soekarno.[1] Ali Sadikin dadi gubernur kang disenengi déning rakyat.[1] Amarga kuwi dheweke diundang dening masyarakat kanthi sebutan Bang Ali lan garwane, Ny. Nani Sadikin, dokter gigi, diundang kanthi sebutan Mpok Nani.[1]
Gubernur Jakarta[sunting]
Ali Sadikin yaiku gubernur kang nduwèni jasa kanggo kang ngembangake Jakarta dadi kutha metropolitan kang modhèrn.[2] Ana ing pimpinane Ali sadikin, Jakarta dadi luwih modern amarga proyek-proyek pembangunan pikiran Bang Ali, kayata Taman Ismail Marzuki, Kebun Binatang Ragunan, Proyek Senen, Taman Impian Jaya Ancol, Taman Ria Monas, Taman Ria Remaja, kota satelit Pluit ing Jakarta Lor, nlestarikake kabudayan Betawi ing daerah Condet, lsp.[2]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e (id)http://www.tokohindonesia.com/daftar-tokoh/article/282-ensiklopedi/619-ali-sadikin (Dipuntingali tanggal 22 Juni 2011)
- ^ a b (id)Ali Sadikin (Dipuntingali tanggal 22 Juni 2011)