Alfred Russel Wallace
| Alfred Russel Wallace | |
|---|---|
Alfred Russel Wallace |
|
| Lair | 8 Januari 1823 Usk, Monmouthshire, Wales |
| Tilar donya | 7 November 1913 (umur 90) Broadstone, Dorset, Inggris |
| Bidang | penjelajahan, biologi, biogeografi, reformasi sosial, botani |
| Dikenal atas | karyané jroning pamilihan alam lan biogeografi |
| Penghargaan | Royal Society's Royal Medal (1868) Copley Medal (1908) Order of Merit (1908) |
Alfred Russel Wallace O.M., F.R.S. (miyos 8 Januari 1823 - tilar donya 7 Novembér 1913 ing yuswa 90 warsa) misuwur minangka satunggalipun naturalis, panjelajah, pangumbara, wasis ing bab antropologi lan biologi saking negari Britania Raya.[1] Panjenenganipun misuwur minangka tiyang ingkang ngusulaken satunggalipun téori bab seléksi alam, ingkang ing salajengipun damel Charles Darwin langkung misuwur tinimbang Wallace, kamangka téori kasebat sejatosipun kagunganipun Wallace.[2]
Wallace sampun kathah ngawontenaken panaliten.[2] Ingkang sepisan, panjenenganipun ngawontenaken panaliten ing lépèn Amazon ing warsa 1846 nalika yuswanipun nembé 23 warsa.[2] Salajengipun Wallace ngawontenaken panaliten ing KapuloanNuswantara.[2] Ing antawisipun warsa 1848 ngantos dumugi 1854, Wallace dugi ing Singapura.[2] Sadangunipun wolung warsa salajengipun (1854-1862, panjenenganipun njelajah maneka wewengkon ing Nuswantara.[1] Saking panjelajahan menika, panjenenganipun damel buku ingkang irah-irahanipun The Malay Archipelago.[2] Sadangunipun ngawontenaken ékspédhisi ing Nuswantara, kinten-kinten Wallace sampun nempuh jarak 22.500 kilométer, ngawontenaken 60 utawi 70 panjelajahan, lan ngempalaken 125.660 spésimèn fauna ingkang kapérang saking 8.050 spésimèn péksi, 7.500 spésimèn walulang utawi balung maneka warni kèwan, 310 spésimèn mamalia, sarta 100 spésimèn réptil, lan 109.700 spésimèn serangga, kalebet kupu-kupu ingkang dados karemenanipun Wallace.[2]
Sumangga dipunpirsani [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
Cathetan suku [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |