Alessandro Del Piero
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Alessandro Del Piero | ||
| Tanggal lair | 9 November 1974 (umur 38) | ||
| Papan lair | Conegliano, Veneto, Italia | ||
| Dhuwur | 1.73 m (5 ft 8 in)[1] | ||
| Posisi pamain | Penyerang kaloro | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Juventus | ||
| Nomer | 10 | ||
| Karir remaja | |||
| 1981 – 1988 1988 – 1991 |
San Vendemiano Padova |
||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1991 – 1993 1993 – saiki |
Padova Juventus |
14 (1) 456 (197) |
|
| Tim nasional‡ | |||
| 1993 – 1996 1995 – 2008 |
U-21 Italia Italia |
12 (3) 91 (27) |
|
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 9 Mei 2010. † Appearances (Goals). |
|||
Alèssandro Del Pièro (lair ing Conegliano, Veneto, Italia, 9 November 1974; umur 38 taun)[2] iku pamain bal-balan saka Italia. Dhèwèké duwé bobot 73 kilo lan dhuwur 173 sentimeter. [3] Del Pièro duwé kangmas jenengé Stèfano.[4]
Alèssandro Del Pièro miwiti dadi pemain bal nalika umur 8 taun. Vandemmian dadi tim kang pisanan, nalika umur 13 taun dhèwèké pindhah menyang tim Padova.[5] Nganti saiki Alèssandro Dèl Pièro durung ana kekarepan kanggo pènsiun saka bal-balan. [5]
Nalika taun 1993 Dèl Pièro pindhah menyang Juventus. [5] Saiki Dèl Pièro dadi idhola para pandhukung Juventus lan dadi ikon tim Juventus. [5] Nalikané dhebut bareng Juventus ana ing sasi September 1993 lawan Foggia, dhèwèké bisa nyithak hat-rick kang pisanan. [6] Ana ing Juventus dhèwèké dadi striker lan nganggo nomer 10. [3].
Wis akèh gelar kang dimenangké Dèl Pièro ana ing tim Juventus kayata jawara Seri-A, Liga Champions lan Coppa Italia.[3] Jawara Seri-A kang dimenangaké Dèl Pièro karo Juventus nalika taun 1995, 1997, 1998, 2002, 2003, 2005 lan 2006. [3] Liga Champions UEFA uga wis dimenangaké nalika taun 1996.[3] [3] Nalika mangsa 2007-2008 Seri-A Dèl Pièro dadi panyithak gol paling akèh kanthi gawé 21 gol.[3]
Karir internasional [sunting]
Del piero miwiti karir internasional bareng tim nasional Italia nalika Piala Eropah taun 1994.
Cathetan sikil [sunting]
- ^ Kaca Pamain Alessandro Del Piero. Sports Illustrated. Diaksès tanggal 1 Juni 2010.
- ^ (id)Situs resmi Juventus Football Club Indonésia, Copyright ©2009 (Diaksès tanggal 27 Maret 2011)
- ^ a b c d e f g (id)ESPN Internet Ventures,Copyright ©2011 (Diaksès tanggal 27 Maret 2011)
- ^ (id)Juventus Alessandro Del Piero (Diaksès tanggal 28 Maret 2011)
- ^ a b c d (id)Copyright © 2009 - 2011. Dèl Pièro Durung Mikir Pènsiun(Diaksès tanggal 22 Maret 2011)
- ^ (id)Copyright © 2010 (Diaksès tanggal 28 Maret 2011)