Al Battani
Al Battani yaiku sawijining penemu kang nemokaké cacahing dina ing setaun. [1] Jeneng pepaké yaiku Abu Abdullah Muhammad ibn Jabir ibn Sinan Al-Battani. [1] Wong Éropah mènèhi jeneng kanthi sebutan AlBategnius.[1] Dhéwéké lair taun 858 M ing cedhake kutha Battan, Harran. [1]Dhéwéké dikenal minangka ahli astronomi lan matématika kang paing gedhé ing abad pertengahan. [1]Albattani sinau astronomi lan matématika saka bapaké yaiku Jabir Sin’an. [1] Banjur Dhéwéké nerusaké sinauné ing kutha Rakka, ing pinggire Kali Efrat. [1]Ing abad sanga kang pungkasan, Al Battani pindhah menyang Samarra saperlu nyambut gawé nganti ninggal dunya taun 920 M.[1] Al Battani kasil ngitung cacahing dina jroning setaun (taun Masèhi) kanthi adhedhasar itungan wektu kang digunakaké bumi anggone muteri srengenge, yaiku 365 dina, 5 jam, 46 menit, lan 24 detik. [1]Dadi, panentuan cacah 365 dina ing setaun dudu angger-anggeran, ananging adhedhasar itungan kanthi setiti. [1] Minangka ilmuwan, Al Battani nulis akèh ngenani buku astronomi kang paling dipercaya dening masarakat. [2] Ing abad pertengahan, wong-wong Eropa nggunaake panemon iki nganti abad pencerahan. [2]