Akson

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Akson, salah sawijiné bagéyan saka neuron

Akson utawa neurit yaiku serat utawa serabut serat kang ngolah kasil prosès (output) saka sel saraf (neuron).[1] Dawané akson manéka werna, saka sawatara milimèter nganti sawatara sèntimèter lan uga ana sing nyabang kanthi amba.[1] Nalika muatan listrik nganti tekan pucuking akson, neurotransmiter wiwit digawé. Neurotransmiter iki ing wayah gilirané bisa ngaktifaké reseptor ing dendrit neuron ing sisihé, banjur nerusaké pesen.[1] Pesen-pesen dhasar kang ditransmisikaké liwat akson yaiku prastawa listrik utawa kimia kang diarani potensial aksi.[1] Sanadyan padatan akson kahubung karo dendrit, akson bisa uga kahubung karo badan sel (soma) utawa karo akson liyané.[1]

Bab lan Paragraf

Ciri-Ciri [sunting]

  1. Nduwèni bongkot akson ing perikarion kang diarani akson Hillock.[2]
  2. Padatan luwih tipis utawa alus lan luwih dawa tinimbang dendrit ing neuron sing padha.[2]
  3. Aksoplasmané ora ngandhut struktur apa-apa kang bisa migunani ing prosès sintesa protein, kayata badan Nissl (rough endoplasmic reticulum), ribosom lan kompleks Golgi.[2]
  4. Aksoplasma ngandhut neurofilament, mikrotubulus, lan mitokondria.[2]
  5. Akson nduwèni mielin, saéngga katon putih ing kahanan kang seger.[2] Selubung mielin dudu bagéyan saka neuron, nanging bagéyan saka selubung neuron.[2] Yèn nganggo mikroskop sinar bisa katon serat saraf ana mieliné, mesthi ana akson.[2] Yèn serat sarafé ora ana mieliné, serat kasebut bisa akson bisa uga dendrit.[2]
  6. Bongkot akson nyabang kaya pang kang diarani telodendria lan ana hubungané karo perikarion, dendrit, utawa akson saka neuron liyané.[2]
  7. Ing bongkot pang aksonal ngatonaké bentuk kang aboh diarani boutons terminaux.[2]

Kagunan [sunting]

Akson yaiku serabut saraf kang dawa, nanging ora nyabang.[3] Kagunan saka akson yaiku ngeteraké utawa nerusaké impuls utawa rangsang saka badan sèl tumuju neuron sing liyané.[3] Akson uga nerusaké rangsang saraf tumuju serat otot utawa sèl kelenjar.[2]

Struktur [sunting]

Dawa akson manéka werna miturut ancas utawa kagunané.[4] Saben akson ngandhut aksoplasma kang dilapisi dèning mèmbran sèl (selaput tipis).[4] Akson diglubeti dèning neurilema (selubung Schwann).[4] Padatan akson nduwèni dharah kang ora ana mieliné kang diarani nodus Ranvier.[4] Selubung mielin iki nduwé kagunan kanggo ngayomi utawa dadi isolator sarta nyepetaké mlakuné rangsang (impuls).[4] Bongkot saka akson kang diarani terminal percabangan bakal ketemu karo bongkoté dendrit sel neuron sing liyané.[5] Ketemuné bongkot sel neuron loro sing béda iki diarani sinapsis.[5]

Deleng uga [sunting]

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c d e (id)Kamus Kesehatan-arti Akson(diundhuh 11 Desember 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k (id)Struktur Sel Saraf(diundhuh 11 Desember 2012)
  3. ^ a b (id)Fungsi Jaringan saraf(diundhuh 11 Desember 2012)
  4. ^ a b c d e (id)Sistem saraf(diundhuh 11 Desember 2012)
  5. ^ a b (id)Struktur sel neuron(diundhuh 11 Desember 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Akson&oldid=835543"