Airbus A380
| Airbus A380 | |
|---|---|
| Airbus A380 Singapore Airlines (Oktober 2009) | |
| Tipe | Montor mabur komersial |
| Produsen | Airbus |
| Pisanan mabur | 27 April 2005 |
| Dikenalaké | 25 Oktober 2007 déning Singapore Airlines |
| Status | Isih diprodhuksi |
| Pemakai | Singapore Airlines Emirates Qantas Air France |
| Diproduksi | 2004 – saiki |
| Cacah digawé | 59 unit as of Februari 2011[update][1] |
| Rega satuan | US$ 375.3 yuta dolar |
Airbus A380 iku sawijining montor mabur utawa pesawat dhèk dobel (basa Inggris double-deck) mawa papat mesin sing diprodhuksi déning perusahaan Éropah Airbus. A380 iku pesawat penumpang sing gedhé dhéwé sadonya. Pamaburan perdhana A380 dianakaké ing Toulouse, Prancis ing tanggal 27 April 2005. Banjur pamaburan komersial perdanané ana ing tanggal 25 Oktober 2007 saka Singapura tumuju Sydney déning maskapai Singapore Airlines sing dadi peluncur perdhanané. Montor mabur iki diarani Airbus A3XX nalika dirancang, nanging saiki uga kerep diarani Superjumbo.
Dhèk dhuwur A380 iku modhot sadawaning fuselase pesawat. Bab iki dadi nggawé pesawat iki nduwé 50% bilik sing luwih amba tinimbang pesawat liyané sing gedhé kapindho, yaiku Boeing 747-400. A380 nyedyani kursi kanggo 525 penumpang ing konfigurasi standhar telung kelas nganti 853 ing konfigurasi ékonomi kebak. A380 digawé ing vèrsi penumpang lan kargo. Vèrsi penumpang A380-800 iku pesawat penumpang sing gedhé dhéwé sadonya, luwih gedhé tinimbang saingané sing paling cedhak Boeing 747, nanging luwih cendhak tinimbang Airbus A340-600. Pesawat A340-600 iki pesawat Airbus sing paling gedhé kapindho. Airbus A380-800F, vèrsi kargo iku disedyakaké minangka salah sijining pesawat kargo sing gedhé dhéwé. Sing luwih gedhé manèh yaiku namung Antonov An-225. A380-800 nduwé radhius pamaburan 15.200 kilometer (utawa 8.200 mil segara), cukup kanggo mabur saka New York City menyang Hong Kong contoné lan kacepetané ana Mach 0.85 (utawa 900 km/jam utawa 560 mil per jam ing cruise altitude).
Bab lan Paragraf |
Airbus A380 VIP ‘Flying Palace’ (‘Istana Terbang’) [sunting]
Rancang bangun interior Airbus A380 kanti kapasitas penumpang 20 utawa 60 wong kanti isi peralatan lengkap kantor utawa kamar turu, kursi nyaman, cocktail bar utawa ruang mangan (dining room) utawa relaxing zone kanti TV kang nduwèni ukuran layar gedhi banget. [2] [3]
Mesin [sunting]
Tenaga disediakaké kanti pilihan mesin turbofan Rolls-Royce Trent utawa Engine Alliance GP7200. Rolls-Royce Trent nalika awalé menang sajroné kompetisi (dipesen luwih akèh dening para pemesan A380) ananging, Engine Alliance memulihkan penjualané lan saiki mesiné éntok setengah bagiyan pasar.
Peluncuran [sunting]
Airbus A380 ditontonké pertamaé marang publik nalika Januari 2005. A380 nglakokaké penerbangan awalé ing 27 April 2005 saka Blagnac Toulouse International Airport, Toulouse, Perancis pada 8:29 UTC lan mbalek kanti selamat nalika 12:22 UTC ing bandara kang padha.
Fasilitas [sunting]
Airbus lan maskapai penerbangan kang bakal minggunakaké A380 mrayogèkaké kemampuan pesawat iki kang ningkataké kenyamanan penumpang kayata kabin kang luwih amaba lan pira-pira fasilitas liya kayata bar, toko-toko, lan kasino kaya kang diumumaké dening Virgin Atlantic.
Cathetan sikil [sunting]
- ^ "A380 production list". January 2011. http://plane.spottingworld.com/A380_production_list.
- ^ http://www.forbes.com/2007/11/13/talal-billionaires-a380-biz-cx_ll_1113plane.html Forbes: A Peek Inside The Flying Palace
- ^ http://www.airbus.com/en/aircraftfamilies/executive_aviation/vip_widebodies/ Airbus Executive and Private Aviation
Pranala njaba [sunting]
| Artikel kagandhèng | |
|---|---|
| Pesawat sarupa |
MD12 - B747 - Ilyushin Il-96 |
| Sèri desain sing padha |
A300 - A310 - A318 - A319 - A320 - A321 - A330 - A340 - A350 - A380 - |
|
||||||||||||||||