Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Ahn Jung-Hwan ingkang lair ing tanggal 27 Januari 1976 ing Paju, Gyeonggi inggih punika pamain bal-balan saking Koréa Kidul. Piyambakipun main dados panyerang. Ahn misuwur ing sedaya donya amargi gadhahi gol kagem timnas bal-balan Koréa Kidul ingkang saged ngalahaken Italia ing babak kalih Piala Donya 2002 lan dadosaken Koréa Kidul ing babak persekawan final. Sasampunipun Piala Donya pungkasan, Ahn dipundadosaken tim Seri A, Perugia amargi dipunanggep saged dadosaken rusaking bal-balan Italia déning Perugia. Ananging Ahn mboten purun ing Perugia lan ngalih ing Jepang, main kagem Shimizu S-Pulse. Piyambakipun kondur ing Éropah ing taun 2005 sasampunipun gadhahi prajanjen kaliyan klub Prancis, FC Metz. Ing sasi Februari 2006 piyambakipun mlebet ing MSV Duisburg ing Jerman. Ing sasi Januari 2007, piyambakipun gadhahi prajanjen satunggal taun kaliyan Suwon Samsung Bluewings.[1]
Profil Ahn Jung-hwan [sunting]
- Klub: Dalian Haichang
- Umur: 35 taun
- Tanggal lair: 27 Januari 1976
- Negara:Republik Koréa[2]
Cathetan Suku [sunting]