Afrizal Malna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Afrizal Malna
Lair (1957-06-07) Juni 7, 1957 (umur 66)
Jakarta
BasaBasa Indonésia
BangsaIndhonésia Indonésia
SukuBetawi
Warga nagaraIndonésia

Afrizal Malna kang lair ing Jakarta tanggal 7 Juni 1957 ya iku panulis Indonésia kang ngasilaké pirang-pirang karya puisi, cerkak, novèl, esai, lan teks pertunjukan teater.[1] Ing antarané karya-karyané, tema puisi Afrizal Malna kang paling katon ya iku gambaraning dunya modern lan panguripan urban, sarta objek material saka lingkungan mau.[2] Korespondensi objek-objek mau kang nyiptakaké nuansa lan gaya puitiké.[2]

Biografi[besut | besut sumber]

Kawit namataké SLA taun 1976, Afrizal Malna ora nerusaké sekolahé. Taun 1981, dhèwèké ngudi kawruh ing Sekolah Tinggi Filsafat Driyarkara, Jakarta, minangka mahasiswa kusus nganti pertengahan ditokaké taun 1983.[3]

Ing umur 27 taun, Afrizal Malna kawin.[3] Kurang luwih sepuluh taun, dhèwèké tau nyambut gawé ing perusahaan kontraktor yasan, èkspèdhisi momotan kapal laut, lan asuransi jiwa. Saiki luwih akèh nyambut gawé ing babagan kagunan, minangka sutradara pertunjukan kagunan, kurator kagunan instalasi, penyair, lan panulis.[4]

Prosès Kreatif[besut | besut sumber]

Puisi, carkak, lan esaine kaemot ing Horison, Kompas, Berita Buana, Republika, Kedaulatan Rakyat, Jawa Pos, Surabaya Post, Pikiran Rakyat, Ulumul Qur'an, lan liya-liyané.[1]

Téma puisi Afrizal Malna kang paling katon ya iku palukisan dunya modern, panguripan urban, lan objek material saka lingkungan tartemtu. Korespondensi objek-objek mau kang nyiptakaké nuansa lan gaya puitiké.[2]

Imaji-imaji ing sadina-dinané, kanthi sesandingan ditudhuhaké (jukstaposisi) kanthi ramé, hiruk-pikuk, malah-malah chaotic, semrawut, dikatonaké ana ing judhul-judhul puisiné, kaya ta: Antropologi Kaleng-Kaleng Coca Cola, Fanta Merah untuk Déwa-Déwa, Migrasi di Kamar Mandi, lan Pelajaran Basa Inggris Tentang Berat Badan. Afrizal kapincut marang tinemuné sesambungan antarané objek ing puisi-puisiné, goleki ing tembung-tembungé mau sawijining visualisasi tata basa atas benda-benda (a visual grammar of things).[5] Intimasi sesambungane rahasia antar objek-objek tartemtu mènèhi informasi akèh ngenani puitika Afrizal.[5]

Taun 1981, sawijining naskah dramane éntuk bebungah ing sayembara Kincir Emas Radio Nederland Wereldomreop.[3]

Karya dramane kanthi irah-irahan Pertumbuhan di atas Meja Makan, kapilih ing antologi drama Indonesia satus taun kang diterbitake déning Yayasan Lontar,[6] lan diterjemahake ing versi basa Inggris kanthi irah-irahan Things Growing on the Table[7]. Karya drama Afrizal mau minangka salah siji tuladha kang representatif kanggo karya kang thukul ing era postmodernisme Indonesia. Karya iki nentang panggunaan narasi keseragaman kang dibéntuk déning Orde Baru ing Indonesia. Ing karya dramane iki, Afrizal kang uga minangka editor, yasa sawijining perpecahan (disunity) kanthi mecah utawa gawé kethokan-kethokan dialog saka pirang-pirang sumber kang béda, tuladhané kethokan pidato présidhèn Soekarno lan wakile Mohamad Hatta digabungake karo dialog saka Caligula karya Albert Camus lan Sandyakala Ning Majapait karya Sanusi Pane. Kanthi mangkono, lumantar karyané kang kaya mangkono mau, dhèwèké nulak sesambungan kausalitas lan struktur naratif, nalika tokoh sawijining pasangan ing drama iki ngucapake kutipan kethokan-kethokan ukara kang ora ana gandheng cenenge mau, lan meksa para pamaos supaya yasa sawijining carita tumrap awake dhéwé.[7]

Afrizal nulis esai pengantar kanggo buku kumpulan puisi pirang-pirang penyair Indonesia, ing antarané Juniarso Ridwan, Soni Farid Maulana, Dorothea Rosa Herliany, Made Wianta, lan liya-liyané).[1] Esaine uga terbit ing antologi bebarengan karo, Perdebatan Sastra Kontekstual (Ariel Heryanto ed., 1986).[8].

Sesuatu Indonesia: Esei-Esei dari Pembaca Tak Bersih ya iku salah siji buku kumpulan esaine, diterbitake déning Yayasan Bentang Budaya taun 2000.[8]

Esainya dalam Senimania Republika, Harian Republika, 1994 memenangkan Republika Award.[3] Ia juga menjadi pemenang esai di Majalah Sastra Horison pada 1997.[8]

Kawit 1983 nganti 1993, dhèwèké nulis teks pertunjukan Teater Sae.[8] Afrizal tau nekani pirang-pirang kutha ing Switserlan lan Hamburg, mènèhi diskusi teater lan sastra ing pirang-pirang universitas nalika acara pertunjukan Teater Sae (Mèi-Juni 1993) kang méntasake naskahe.[8]

Taun 1995 bebarengan karo Beeri Berhrard Batschelet lan Joseph Praba, méntasake kagunan instalasi Hormat dan Sampah ing Sala.[8] Taun 1996 dhèwèké kolaborasi karo pirang-pirang seniman saka manéka disiplin ngaaakake pagelaran kagunan instalasi ''Kesibukan Mengamati Batu-Batu'' ing Taman Ismail Marzuki, Jakarta.[8] Taun 2003, méntasake Telur Matahari kolaborasi karo Harries Pribadi Bah lan Jecko Kurniawan.

Pirang-pirang buku prosa: carita cekak utawa novèl, karya Afrizal Malna, ing antarané: Dalam Rahim Ibuku Tak Ada Anjing (2003), Seperti Sebuah Novèl Yang Malas Mencaritakan Manusia (IndonesiaTera, 2004), Lubang dari Separuh Langit (2005).

Cerkake tau lumebu ing antologi cerkak pilihan Kompas, ing antarané Pistol Bedhamèn (1996), d]lan Anjing-Anjing Menyerbu Kuburan (1997).[8]

Amarga prestasine ing babagan panulisan, Afrizal Malna diundhang ing festival-festival lan acara sastra nasional uga internasional, kaya ta Festival Penyair International ing Rotterdam, Walanda (1995) lan Utan Kayu International Literary Biennale ing Jakarta 2005.[8]

Buku[besut | besut sumber]

  • Abad Yang Berlari (1984)
  • Perdebatan Sastra kontekstual (1986)
  • Tonggak Puisi Indonesia Modern 4 (1987)
  • Yang Berdiam Dalam Mikropon (1990)
  • Cerpen-carkak Nusantara Mutakhir (1991)
  • Dinamika Budaya dan Pulitik (1991)
  • Arsitektur Hujan (1995)
  • Biography of Reading (1995)
  • Pistol Bedhamèn (1996)
  • Kalung Dari Teman (1998)
  • Sesuatu Indonesia, Esei-esei dari pembaca yang tak bersih (2000)
  • Seperti Sebuah Novèl yang Malas Mengisahkan Manusia, kumpulan prosa (2003)
  • Dalam Rahim Ibuku Tak Ada Anjing (2003)
  • Novèl Yang Malas Mencaritakan Manusia (2004)
  • Lubang dari Separuh Langit (2005)

Terjemahan[besut | besut sumber]

  • Traum der Freiheit Indonesien 50 jahre nach der Unabhangigkeit (Hendra Pasuhuk & Edith Koesoemawiria, 1995)
  • Frontiers of World Literature (Iwanami Shoten, Publishers, Tokyo, 1997) ke dalam basa Jepang
  • Poets, Friends Around the World (Mitoh-Sha, Tokyo, 1997)
  • Menagerie 3 (John H. McGlynn, 1997)
  • Do Lado Dos Ollos Arredor da poesia, entrevistas con 79 Poetas do Mundo (Emiilio Arauxo, Edicions do cumio, 2001)

Bebungah[besut | besut sumber]

  • Kincir Perunggu kanggo naskah monolog saka Radio Nederland Wereldomroep (1981)
  • Republika Award kanggo esei ing Senimania Republika, harian Republika (1994),
  • Esei majalah Sastra Horison (1997)
  • Dewan Kesenian Jakarta (1984).

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c Rampan, Korrie Layun. Leksikon susastra Indonesia. Balai Pustaka, 2000, Jakarta. Kaca 19. Biografi Afrizal Malna
  2. a b c Hatley, Barbara. ”Nation, ‘Tradition’, and Constructions of the Feminine in Modern Indonesian Literature,” ing Imagining Indonesia, ed. J. Schiller and B. Martin Schiller, kaca 93, dikutip saka Aveling, Harry. Rahasia Membutuhkan Kata: Puisi Indonesia 1966-1998 (diterjemahaké saka Secrets Need Words, Indonesian Poetry 1966-1998 déning Wikan Satriati), IndonesiaTera, 2003, ISBN 979-9375-83-5 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "afrizal3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. a b c d Malna, Afrizal. Abad yang Berlari. Lembaga Penerbit Altermed Yayasan Lingkar Merahputih, 1984, Jakarta. Kaca 32. Biografi Afrizal Malna
  4. Malna, Afrizal. Yang Berdiam dalam Mikropon. Penerbit Medan Sastra Indonesia, 1990, Jakarta. Kaca 56. Biografi Afrizal Malna
  5. a b Amini, Hasif. 14 Februari 2011, dikutip tanggal 26 Oktober 2011. Situs Jurnal Puisi Internasional
  6. Antologi Drama Indonesia Jilid IV. Yayasan Lontar, 2009, Jakarta.
  7. a b The Lontar anthology of Indonesian Drama Vol. 3. Lontar Foundation, 2010, Jakarta. kaca xv-xvi
  8. a b c d e f g h i Malna, Afrizal.Sesuatu Indonesia Yayasan Bentang Budaya, 2000, Yogyakarta.