Aepycamelus
| Aepycamelus Temporal range: Miosen awal–Miosen akir |
|
|---|---|
| Sawijining seniman abad kaping 20 nglukis Aepycamelus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Artiodactyla |
| kulawarga: | Camelidae |
| Suku: | Camelini |
| Genus: | †Aepycamelus MacDonald, 1956 |
| Spesies | |
|
†Aepycamelus alexandrae |
|
Aepycamelus, iku sajinis camelid sing wis cures, sing sakdurungé sinebut kanthi jeneng Alticamelus sing urip sakdawané jaman Miosen 20.6-4.9 Ma lan lan èksis nganti kira-kira 15.7 yuta taun kepungkur. Jeneng Aepycamelus kuwi asalé saka tembung basa Yunani αἰπύς sing tegesé "dhuwur" lan tembung "κάμελος" sing maknané "onta". Dadi Aepycamelus tegesé "onta sing awaké dhuwur", yèn didadèkaké basa Latin dadi tembung Alticamelus. Mlakune mung nganggo driji-driji sikilé. Béda karo spesies camelid sadurungé, Aepycamelus duwé bantalan empuk kayadéné apa sing diduwèni onta modhèrn.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Morfologi
Aepycamelus iku kalebu salah sijining kéwan sing manggoni padhang suket ing Amérika Lor (Colorado, lan liya-liyané). Kéwan iki uga disebut kéwan sing paling spesial. Ukuran endhasé sing rélatif luwih cilik tinimbang ukuran sakabèhan awaké, guluné sing dawa, amarga akibat saka saya dawané balung guluné, kayadéné apa sing kedadèn karo jerapah sikil-sikilé sing dawa mèmper kaya sikil panggung, kanthi sikut lan dhengkulé sing dadi siji ing tingkat sing padha. Bagéyan pucuk endhasé bisa nyandhak kira-kira 3 meteran (9,8 kaki) saka ngisor lemah.[1]
[sunting] Bobot awak
Spésimèn cacah papat wis dipriksa kanggo mesthèkaké bobot awaké Aepycamelus déning M. Mendoza, CM. Janis, lan P. Palmqvist.[2] Saben spésimèn-spésimèn mau boboté:
- Spésimèn 1: 721.3 kg (1,600 lb)
- Spésimèn 2: 621 kg (1,400 lb)
- Spésimèn 3: 574.7 kg (1,300 lb)
- Spésimèn 4: 363.5 kg (800 lb)
Struktur awaké sing ora jamak nggawé akèh panemu ing antarané para èlmuwan ngenani mode urip lan kebiasaan uripé. Jelas banget yèn aepycamelus iki manggon ing dhaérah sing akèh suket garingé lan ing antarané dhaérah sing akèh wit-witan dhuwuré. Aepycamelus dinuga pindhah-pindhah ing sajroning klompok-klompok cilik, kayadéné jerapah saiki, aepycamelus uga golèk pangan ing wit-witan sing dhuwur. Para èlmuwan akèh sing mbedhèk yèn Aepycamelus kuwi ora duwé pesaing lan bisa slamet ing wektu sing suwé (urip sakdawané jaman Miosen lan diprakirakaké cures ing wiwitan jaman Pliosen, kaduga merga owahing iklim).
[sunting] Panyebaran fosil
Fosil Aepycamelus ditemokaké ing sakdawané dhaérah Montana tekan Florida nganti dhaérah California.
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ (1999) in Palmer, D.: The Marshall Illustrated Encyclopedia of Dinosaurs and Prehistoric Animals. London: Marshall Editions. ISBN 978-1-84028-152-1.
- ↑ M. Mendoza, C. M. Janis, and P. Palmqvist. 2006. Estimating the body mass of extinct ungulates: a study on the use of multiple regression. Journal of Zoology 270(1):90-101