Adven
| Taun Liturgi |
|---|
| Gréja Ritus Kulon |
|
| Gréja Ritus Wétan |
|
|
Adven jroning Gréja Kristen iku jeneng periode sadurungé Natal. Jeneng Adven dijupuk saka tembung Latin Adventus sing tegesé Kerawuhan. Jroning mangsa Adven umat Kristen nyiapaké dhiri kanggo nyambut pesta Natal lan mèngeti kelairan lan kerawuhan Yesus sing kaping loro ing akhir zaman. Adven diduga wiwit dirayakaké ing kalangan umat Kristen wiwit abad kapapat.[1]
Adven tansah diwiwiti ing dina Minggu sing paling cedhak karo tanggal 30 November (dina St. Andreas) (antara tanggal 27 November lan 3 Desember) lan lumaku nganti Malem Natal 24 Desember. Kanthi mangkono dawané mangsa adven saben taun béda-béda, ananging sawijining mangsa adven tansah dumadi saka 4 hari Minggu.
Pendeta utawa pastur biasané nganggo toga (kasula) sing werna ungu karajaan utawa biru karajaan ing mangsa-mangsa iki. Akèh gréja uga masang rangkaian godhong Adven jroning misa utawa kebaktian-kebaktian Adven. Karangan godhong iku dumadi saka papat batang lilin (telu ungu lan siji awarna jambon) sing ditata ing sawijining bynderan awarna ijo sing nglambangaké kauripan sing kekal.
Lilin-lilin iku disumet kaya mangkéné:
- Minggu Pisanan: siji lilin ungu
- Minggu Kaloro: loro lilin ungu
- Minggu Katelu: loro lilin ungu lan siji lilin jambon
- Minggu Kapapat: papat lilin
Catatan sikil [sunting]
Pranala njaba: [sunting]
- (en) Penjelasan tentang Adven
- (en) Devosi harian sepanjang musim Adven
- (en) Musim Adven di Christian Resource Institute
- (en) Catholic Encyclopedia: Advent
- (en) American Catholic: Advent to Epiphany Doa, kalender dan aktivitas
- (en) Sumber-sumber Liturgis untuk Adven
- (en) FAQ Adven dari situs Lutheran Sinode Missouri
- (en) FAQ Rangkaian Adven di situs Gereja Lutheran Injili di Amerika
- (en) Sumber-sumber untuk Adven di The Bible Resource Center, pelayanan online dari American Bible Society
- (en) Sejarah Adven
Deleng uga [sunting]
|
|||||||||||||||||||||||