Adolf Dassler
Adolf Dassler yaiku penggagas sepatu bal-balalan. [1] Déwéké lair ing Jerman, tanggal 3 November 1900. [1]Wong Jerman kerep ngundhang kanthi sebutan Adi, mula Adolf Dassler uga dikanal kanthi sebutan Adi dassler. [1]Bapaké, Cristoph yaiku salah sawijing pegawe ing pabrik sepatu. [1]Mula bapake kerep nyinaoni Adolf babagan gawé sepatu. [1]Ing taun 1920, ing panggonan kerja ibune, Adolf gaw proyek cilik-cilikan. [1]Ing kono, dhéwéké gawé sepatu olah raga. [1]Amarga mutu sepatune kang apik, mula ora suwé sepatuné mau nuwuhaké asil kang apik. [1] Pungkasané Adolf karo seduluré yaiku Rudolf Dassler, bangun pabrik sepatu kanthi aran Dassler Brothers Shoes Factory. [1]Adolf duwéni tekad ngawé sepatu kanthi mutu kang paling apik kanggo atlit ing Jerman lan ing sekabehe wong Eropa.[1]Ing taun 1928, dhéwéké mamèraké sepatuné ing acara Olimpiade kang dianakake ing Amsterdam. [2]Ing Olimpiade taun 1948 ing berlin, atlit Amarika Seriakt, Jesse Owens, olih emas amarga ngango sepatu gaweane Adolf. [2]Prastawa iku dadi pucuk misuwuré sepatu gaweané Adolf Dassler utawa Adi Dassler. [2]Nanging ing taun 1948, amarga ana sawijining perkara, Adi lan sedulure mau padha padu. [2]Sakloron padha pepisahan kanthi bangun lan gawé sepatu dhéwé-dhéwé. [2]Adi bangun pabrik sepatu kanthi mèrek sepatu Adidas dene Rudolf bangun pabrik sepatu kanthi mèrek sepatu Puma. [2]