Adobe Photoshop
| Artikel iki mbutuhaké cathetan sikil kanggo pamesthèn. Mangga mbantu ndandani artikel iki kanthi nambahaké cathetan sikil. |
| 350px Adobe Photoshop CS6 Extended ing Windows |
|
| Pangembang | Adobe Systems |
| Versi rilis terbaru | CS6 (13.0) / 23 April 2012 |
| Versi pratayang paling anyar | Ora bisa rilis pratayang ing mangsa iki |
| Sistem operasi | Mac OS X, Microsoft Windows |
| Jenis | Editor gambar raster |
| Situs web | www.adobe.com |
Adobe Photoshop, utawa bisa uga kasebut Photoshop, yaiku pirani lunak editor citra gawean Adobe Systems kang dikhususake kanggo ngedit foto/gambar lan kanggo ngubah lan ngawe efek. Piranti lunak iki uga digunakake déning fotografer digital lan parusahaan iklan sahingga dianggep minangka pamimpin pasar (market leader) minangka piranti lunak pangolah gambar/foto, lan, sesarengan Adobe Acrobat, dianggep minangka produk paling musuwur kang diproduksi déning Adobe Systems. Versi kawolu aplikasi kang kasebut disebut kanthi jeneng Photoshop CS (Creative Suite), versi kasanga kasebut Adobe Photoshop CS2, versi kasapuluh asring kasebut Adobe Photoshop CS3 , versi kasawelas yaiku Adobe Photoshop CS4 , versi karolas yaiku Adobe Photoshop CS5 , lan versi kang pungkasan (tetulas) yaiku Adobe Photoshop CS6.
Photoshop uga bisa dioperasiake déning Microsoft Windows, Mac OS X, lan Mac OS; versi ka-9 sapituruté uga bisa uga digunakake déning sistem operasi liya kayata Linux minangka mbantu piranti lunak tartemtu kayat CrossOver.
Bab lan Paragraf |
Pangembangan [sunting]
Ing taun 1987, Thomas Knoll, kang dadi mahasiswa PhD ing Universitas Michigan, miwiti nulis salah sijiné program ing Macintosh kauntungané bisa nampilake gambar grayscale jroning layar monokrom. Program iki, kang asring kasebut Display, ide utawa gagas kang metu dideleng déning panjenengané seduluré yaiku John Knoll yaiku salah sijiné karyawan ing Industrial Light lan Magic, kang ngerekomendasiak Thomas sipaya bisa ngubah program dadi program panyunting gambar kang utuh. Thomas nyupuk enam wulan kanggo ngangso (istirahat) saka kuliyah ana ing Universitas Michigan ing taun 1988 kanggo kerja sesarengan karo saduluré kanggo mbahas program iki, kang diubah jenengé dadi ImagePro.[1] Sabanjuré taun wis bisa dikerjakake, Thomas ngubah jeneng programé dadi Photoshop lan dikerjakake jroning wektu kang cukup cepet kanthi produsen scanner Barneyscan kanggp ndistribusiake salinan saka program kasebut déning slide scanner; "total kurang luwih 200 salinan Photoshop wis dikirimake" kanthi cara iki .[2]
Jroning wektu iku, John plesir ing Silicon Valley ing California lan menehake demonstrasi program marang insinyur ing Apple Computer Inc. lan Russell Brown, direktur seni ing Adobe. Kaloroné demonstrasi iku ndhuweni asel, lan Adobe mutusake kanggo nuku lisensi kang tumuju kanggo ndistribusikake ing wulan September 1988.[1] Sawetara John makarya ing plug-in ing California, Thomas tetap ing Ann Arbor kanggo nulis kodhe program. Photoshop 1.0 dirilis ing 1990 khusus kanggo Macintosh.[3]
Fitur [sunting]
Ing wiwitan Photoshop dirancang kanggo nyunting gambar tumuju dicetak basis-kertas, Photoshop kang ana ing mangsa iki uga bisa digunakake minangka mproduksi gambar ing World Wide Web.Jinis utawa versi pungkasan uga ndhuweni aplikasi tambahan, Adobe ImageReady,kanggo piranti kasebut.
Photoshop bisa nerima panggunan ing aneka model werna:
Referensi [sunting]
- ^ a b Schewe, Jeff (2000). "Thomas & John Knoll". PhotoshopNews. http://www.photoshopnews.com/feature-stories/photoshop-profile-thomas-john-knoll-10/. Retrieved 2007-06-15.
- ^ Story, Derrick (2000-02-18). "From Darkroom to Desktop—How Photoshop Came to Light". Story Photography. http://www.storyphoto.com/multimedia/multimedia_photoshop.html. Retrieved 2007-06-15.
- ^ Hormby, John (2007-06-05). "How Adobe's Photoshop Was Born". Story Photography. http://siliconuser.com/?q=node/10. Retrieved 2007-06-15.