Adiwira
Adiwira utawa Pahlawan super (basa Inggris: superhero utawa super hero) iku karakter fiksi sing "nduwèni kakuwatan luar biasa kanggo ngayahi tindakan hébat tumrap kapentingan umum".[1] Adiwira nduwèni kemampuan utawa kasektèn sadhuwuring rata-rata manungsa, nganggo sandhangan sing khas lan nyolok mata sarta jeneng sing khas, lan digambaraké minangka panulung wong sing lemah lan pambasmi kadurjanan.
Tokoh pahlawan liya sing ora nduwèni kakuwatan super uga bisa disebut adiwira, lan istilah pambasmi kadurjanan mawa kostum kerep dianggo tumrap adiwira sing ora nduwèni kakuwatan super.[2]
Superhero pisanan yaiku Phantom sing diripta déning Lee Falk, kapacak ing komik strip koran padinan strip ing tanggal 17 Februari 1936, banjur diiloni déning Sunday Strip tanggal 28 Mei 1939, kaloro koran kasebut nganti saiki isih ana.
Wiwit kamunculan Superman ing komik Amérika Sarékat taun 1938, karakter-karakter mawa tema amèh padha wiwit muncul. Ora mung ing Amérika waé nanging uga ing negara-negara sing kaprabawan budaya pop Amerika utamané budaya komik.
Rujukan [sunting]
- ^ National Periodical Publications v. Empire Comics, New York Court of Appeals, 21 April 1954.
- ^ Lawrence Journal-World (March 17, 2006): "'V for Vendetta' is S for Subversive", by Jon Niccum, "The Dark Knight: Batman — A NonSuper Superhero", Gamespot: PS2 Games: Batman Begins, http://members.fortunecity.com/srca1943/SpotlightComicsAnnual2.html Spotlight Comics Annual #2 (May 2002)]; "The Religious Affiliation of Comic Book Characters: Rev. Dr. Christopher Syn, the Scarecrow of Romney Marsh (one of the world's first masked crime-fighters)".
Deleng uga [sunting]