Adenosin Triphosphate
Adenosin Triphosphate utawa kang kerep disingkat ATP yaiku senyawa kimia kang duwé énergi dhuwur kang kasusun saka ikatan adenin purin kang katalén ing gula kang duwé kandhungan 5 atom C, yaiku ribose lan 3 gugus fosfat. [1] Ikatan kimiané labil meski ATP iku kalebu golongan molekul kang duwé énergi dhuwur, dadi gampang ngesotna gugus fosfat. [1] Sawektu sél mbutuhna énergi, ATP bisa dipecah nganggo réaksi hidrolisis (réaksi nganggo banyu) lan kabentuk énergi kang diangkut saéngga bisa diangkut lan dienggo déning kabéhan bagéyan sél iku. [1] Énergi kang ana ing ATP iku dipecah dhisik nganggo cara hidrolisis yaiku ngesotna 2 ikatan fosfat yaiku antara ikatan fosfat kapindho lan kaping telu bakal dikasilna Adenosin Difosfat (ADP). [2] Ing réaksi hidrolisis bakal dienggo déning sél kanggo aktifitas. [2] Owahé ATP dadi ADP dipiloni déning pembebasan énergi 7,3 kalori per mol. Kedadéyan owahé ATP dadi ADP iku réaksi bolak-balik, réaksiné iku kaya iki: ATP ADP + P + 7,3 kalori/mol Fungsi ATP iku kanggo nyimpen énergi cadhangan kang bisa dienggo sawektu-wektu lan sifaté universal (réaksi bolak-balik) dadi ATP uga diarani universal energy carrier. [2] Ing nganggo énergi ATP iku éféktif banget amarga namung kedadéyan sesistem yaiku namung njupuk énergi saka sumber ATP. [2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c (id)(Kistinnah, I., Lestari, E.S. (2009)." Biologi 3: Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XII (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.42)
- ↑ a b c d (id)(Kistinnah, I., Lestari, E.S. (2009)." Biologi 3: Makhluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MAKelas XII (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.43)