Adelobasileus
| Adelobasileus Temporal range: Triassic Akir |
|
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Subfilum: | Vertebrata |
| (unranked): | Amniota |
| kelas: | Synapsida |
| (unranked): | Mammaliaformes |
| Genus: | Adelobasileus |
| Species: | A. cromptoni |
| Jeneng binomial | |
| Adelobasileus cromptoni Lucas & Hunt, 1990 |
|
Adelobasileus cromptoni iku sawijining spésiès saka jinis proto-mamalia sing wis punah saka jaman akir Triassik (Carnian), kira-kira 225 yuta taun kepungkur. Kéwan iki dawané mèh padha karo curut saiki. Adelobasileus bisa disinaoni saka fosil-fosil bagéyan awakè sing mung ditemokaké ing formasi Tecovas, sisih kulon Texas.[1] Adelobsileus dadi kéwan sing paling pinunjul ing antarané kéwan jinis Cynodont non-mamalia (tritylodonta lan trythelodonta
Babagan Adelobasileus [sunting]
Kayadéné kéwan mamalia Mesozoikum liyané, kéwan Adelobasileus iki mung ditepungi liwat fosil sing ora jangkep. Ing kéné mung sebagéyan cilik tengkoraké mahluk iku. Sanadyan mangkana, fragmen iki dianggep wis cukup nuduhaké yèn Adelobasileus duwé struktur mamalia, sing urutané ana ing zona klawu antarané Therapsid modhèrn (mamalia sing kaya reptil) saka periode Trias tengahan lan mamalia pisanan sing sepisanan évolusi. Sawetara wektu, para Paleontologis luwih adoh nglakokaké idhèntifikasi Adelobasileus pisanan ing donya iki, sanadyan kesimpulan iki bakal luwih bener menawa pathokané temuan fosil anyar sing luwih jangkep.[2] Adelobasileus dibédakaké saka mamalia indhuk liyané déning kombinasi karakter: kurangé fosa otot stapedial, ora anané pamisah antarané anterior lan posterior preocesses parroccipital, lan anané tilas swiwi basisphenoid.
Cathetan sikil [sunting]
Delengen uga [sunting]
- S.G. Lucas and Z. Lou, Adelobasileus from the upper Triassic of west Texas: the oldest mammal, J. Vert. Paleont, 1993.
- Adelobasileus from Paleaos
- Evolution: From Reptiles to Mammals