Ade Namnung

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gnome globe current event.svg
Artikel punika mbahas piyantun utawa tokoh ingkang nembe tilar donya .Informasi kang paling utama yaiku bab tilar donya lan pasarean, bisa arubah-ubah ing sakwetara wektu.
Ade Namnung
Lair Syamsul Effendi
10 April 1977
Flag of Indonésia Jakarta, Indonesia
Tilar donya 31 Januari 2012 (umur 34)
Flag of Indonesia.svg Depok, Indonesia
Jeneng liya Ade
Pagawéyan Pelawak, Presenter
Mitra Steny Agustaf, Ruben Onsu, Fanny Fadillah, Hadi Dzikri Nur, Yusep Somatri, Ebes Mendes, Tjetjep M. Soleh

Syamsul Effendi utawi misuwur kanthi paraban Ade Namnung (lair ing Jakarta, Indonesia, 10 April 1977 – tilar donya ing Depok, Indonesia, 31 Januari 2012 kanthi yuswa 34 taun)[1] inggih menika pelawak lan presenter Indonesia.[1] Ade Namnung misuwur minangka salah satunggalipun pangisi acara Tawa Sutra ing stasiun televisi swasta antv, sareng kaliyan Steny Agustaf, Ruben Onsu, lan Fanny Fadillah.[1] Sanesipun menika, Ade ugi asring dados panatacara / MC ing maneka warni acara.[1]

Nalika wekdal gesangipun, Ade sampun nglaksanakaken ibadah umroh ngantos ping kalih.[2] Umroh ingkang dipunlaksanakaken ing warsa 2011 menika dados ibadah umroh ingkang kaping kalihipun, sasampunipun warsa 2005.[2] Panjenenganipun kaserang stroke lan semaput ing Bandara Juanda sasampunipun ngisi acara ing Surabaya ing sasi Desember 2011.[2] Kondhisinipun nate saras malih sasampunipun pikantuk perawatan medhis.[2] Ananging pungkasanipun Ade Namnung tilar donya tabuh 11.45 WNIK (Wekdal Nuswantara iring Kilen), 31 Januari 2012 ing Griya Sakit Mitra Cibubur, Jakarta Wetan.[2]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d (id)Ade Namnung Meninggalkan Dunia, detikHot, 17 Februari 2012.
  2. a b c d e (id)Februari|accessyear=2012|publisher=KapanLagi.com(dipunundhuh tanggal 17 Februari 2012)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ade_Namnung&oldid=672797"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès