Adam Osborne
Adam Osborne (6 Maret 1939 – 18 Maret 2003) yaiku wong kang wiwitan nemokake laptop. [1]Pancen sadurunge Osborne nemokake laptop, nanging gagasan ngenani laptop wis digagas dening Alan kay saka Xerox palo Alto Researc Center. [1]Adam ngimpiake sawijining komputer kang duweni ukuran kang pada karo buku catatan, mula bisa digawa tekan ngendi-endi. [1]Wektu iku durung ana istilah laptop utawa notebook.[1] Alan Kay menehi jeneng piranti mau kanthi aran Dynabook.[1] Nanging, impen mau mung winates impen.[1]Banjur mung Adam Osborne kang dicathet minangka wong kang kawiwitan nyiptakake komputer kang bener-bener utama, banjur dikenal kanthi aran laptop. [1]Adam Osborne yaiku warga keturuna Inggris kang lair ing Thailand taun 1939. [1]Nalika umur 11 taun, Osborne digawa menyang Inggris dening wong tuwane. [1]Taun 1961, Osborne lulus saka Universitas Birmingham minangka sarjana mudha ing bidang teknik Kimia. [2]Banjur deweke lunga menyang Amerika saperlu nerusake sinaune ing Universitas Delaware, lan bisa entuk gelar Ph.D ing bidang teknik Kimia. [2]Sawise kuliyah, dheweke duweni kalodhangan nyambut gawe ing perusahaan gedhe yaiku Shell Oil. [2]Nanging, dheweke metu lan luwih milih nyambut gawe minagka panulis praktis, kususe ngenani perkembangan komputer.[2]
