Adam Lambert

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Adam Lambert

Lambert sings The Star Spangled Banner at Marine Corps Air Station Miramar, May 8, 2009
Latar wuri
Jeneng Adam Mitchel Lambert
Asal San Diego, California, U.S.
Génré Pop, alternative, rock[1]
Pegawéyan Singer-songwriter
Aktor
Instrumèn Vokal
Taun aktif 1992–sekarang
Label RCA/19 Recordings
Situs wèb www.AdamOfficial.com

Adam Mitchel Lambert (lair 29 Januari 1982; umur 30 taun), penyanyi, penulis tetembangan, aktor saka San Diego, Kalifornia, ning sasi Mei 2009, dheweke dadi juara kang kaping loro American Idol.[2] [3] Dheweké lair ning Indianapolis, Indiana, ibuné nyambut gawe dadi desainer interior lan bapané program manajer, Lambert gedhé ning kalangan Yahudi. [3] Bakat musiké terasah amarga Lambert sering nembang ning acara-acara kaagamaanné.[3]

Awit umur 10 taun Lambert wus ngenal dunya panggung teater.[3] Dheweké wus meluni macem-maceming kasting kanggo mainaké peran teater kayata YOU'RE A GOOD MAN, lan CHARLIE BROWN.[3]

Ora namung dadi aktor teater, Lambert uga nyambi dadi vokalis band rock kang dibentuk dening Lambert, The Citizen Vein. [3] Awit taun 2004 Lambert sacara rutin tampil ning Upright cabaret lan The Zodiac Show kang diproduseri dening Carmit Bachar saka Pussycat Doll.[3] Karir musik internasionalé kang dimulai nalika Lambert meluni audisi AMERICAN IDOL musim kaping wolu ning California. [2] Nalika audisi, Lambert nyanyikake tetembangan andeuweni Queen, Bohemian Rhapsody lan Rock With You.[3]

Musikalitasé diinspirasi dening para musisi Madonna, Queen, Michael Jackson, Aero Smith, David Bowie, lan Led Zeppelin.[3] Ning penampilané kaping pituné, Lambert nembangaké tetembangan Black or White milik Michael Jackson lan olih sambutan kang meriah saka Paula Abdul, Randy Jackson, lan Kara Dioguardi, meski Simon Cowell nyeyek Lambert kang dianggep 'berlebihan'.[3]

Sawisé dadipemenang juara kaping loro AMERICAN IDOL, Lambert mulai ngebrak dunya hiburan karo hit-hit single kayata No Boundaries. [3] Ora namung kuwi, panampilanné ning AMERICAN IDOL lewat tetembanga kang dinyanyikaké kanthi versiné dhewe kang bisa nduduki tangga lagu tenar ning Amerika.[3]

Albumé kang pisanan, For Your Entertainment, dirilis ning taun 2009 olih sambutan kang luar biasa saka masarakat.[3] Merga tetembangan kuwi, dheweké dikontrak kanggo nyerat soundtrack film 2012.[3] Lambert yakuwi artis enom saka Amerika pisan kang ora isin ngakuni maring masarakat amarga orientasi seksualé. [3] Foto ciumané karo priya sempet nyebar ning masarakat lan olih tanggepan kang werna-werna.[3]


[sunting] Cathetan Suku

  1. http://www.allmusic.com/artist/p1152615
  2. a b (id)berita adam lambert dipununduh tanggal 10 Juli 2011
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p (id)biografi Adam Lambert dipununduh tanggal 10 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Adam_Lambert&oldid=672787"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès