Acrasiomycota
| Acrasid Slime Molds | |
|---|---|
| Acrasis rosea, amoebe and spores | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Excavata |
| Superfilum: | Discicristata |
| filum: | Percolozoa Cavalier-Smith 1991 |
| kelas: | Heterolobosea Page & Blanton 1985 |
| kulawarga: | Acrasidae |
Acrasiomycota utawa jamur lendhir mawa sekat iki kalebu golongan protista kang mèmper jamur. [1] Ciriné jamur iki ya iku ana sekat ing awaké, ana kang duwé sél siji lan ana kang sélé akèh. [1] Struktur awak vegetatifé ya iku wujudé kaya lendhir kang kasebut plasmodium lan duwé akéh inti. [1] Plasmodium owahé amoeboid kanggo nggolet tangkéanan kang rupané bahan organik. [1] Yén plasmodiumé wis dhéwasa bakal dadi sporangium kang cilik, duwé tangké lan akéh sporané. Spora kang wis mateng tukul dadi sél gamét kang ana flagélé. [1] Reprodhuksi generatifé nganggo cara singami yaiku leburé gamét loro kang wujud lan ukurané padha. [1] Kasilé yaiku zigot kang mengkoné bakal thukul gedhé. [1] Nanging yén ana ing kondhisi kang ora nguntungaké, plasmodium ing myxomicota bakal mandheg nggoné owah lan dadi tangké kang pucuké membentuk struktur réprodhuksi. [2] Plasmodium ing acrasiomycota bakal dadi agrégat mbentuk kaya bekicot kang ora duwé cangkang, yén kondhisi lingkungané nguntungaké manéh, agrégat bakal mandheg lan gawé awak buah kang isiné spora réprodhuksi. [2] Salah siji tuladha saka Acrasiomycota yaiku Dyctyostelium. [2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d e f g (id)(Anshori, Moch. , Martono, D.(2009)."Biologi 1 untuk Sekolah Menengah Atas (SMA) – Madrasah Aliah(MA) Kelas X (BSE)".Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.127)
- ↑ a b c (id)(Anshori, Moch. , Martono, D.(2009)."Biologi 1 untuk Sekolah Menengah Atas (SMA) – Madrasah Aliah(MA) Kelas X"(BSE).Jakarta:Pusat Perbukuan, Depdiknas. Hal.128)