Aburizal Bakrie
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Ir. H. Aburizal Bakrie (lair ing Jakarta, 15 November 1946; umur 65 taun) punika satunggiling pengusaha Indonésia ingkang arupi Ketua Umum Partai Golkar wiwit 9 Oktober 2009. Panjenenganipun njabat Mentri Koordinator Kasajahtran Rakyat ing Kabinèt Indonésia Bersatu. Sadèrèngipun panjenenganipun ugi naté njabat minangka Mentri Koordinator Perékonomian ing kabinet ingkang sami, nanging posisinipun éwah salabeting parombakan ingkang dipunlampahi présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono tanggal 5 Desember 2005.
Panjenenganipun punika putra mbajeng saking kulawargi Achmad Bakrie, pangadeg Klompok Usaha Bakrie, lan akrab dipunundang Ical.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kuluwargi
Aburizal kagungan tiga rayi inggih punika
- Roosmania Odi Bakrie, palakrami kaliyan Bangun Sarwito Kusmulyono
- Indra Usmansyah Bakrie, palakrami kaliyan Gaby Djorgie
- Nirwan Dermawan Bakrie, palakrami kaliyan Indira (Ike)
Aburizal palakrami kaliyan Tatty Murnitriati lan dipunkaruniai tiga putra:
- Anindya Noverdian Bakrie, palakrami kaliyan Firdani Saugi
- Anindhita Anestya Bakrie, palakrami kaliyan Taufan Nugroho
- Anindra Ardiansyah Bakrie
[sunting] Pendhidhikan
- Fakultas Elektro, Institut Teknologi Bandung, lulus taun 1973
[sunting] Pedamelan
- 1992 - sapuniki Komisaris Utama/Chairman, Klompok Usaha Bakrie
- 1989 – 1992 Direktur Utama PT. Bakrie Nusantara Corporation
- 1988 – 1992 Direktur Utama PT Bakrie & Brothers
- 1982 – 1988 Wakil Direktur Utama PT. Bakrie & Brothers
- 1974 –1982 Direktur PT. Bakrie & Brothers
- 1972 – 1974 Asisten Dewan Direksi PT. Bakrie & Brothers
[sunting] Organisasi
- 2000 – 2005 Anggota Dewan Pakar ICMI (Ikatan Cendekiawan Muslim Indonésia)
- 1999 – 2004 Ketua Umum KADIN (Kamar Dagang lan Indhustri Indonésia) periode II
- 1996 – 1998 Présidhèn, Asean Chamber of Commerce & Industry
- 1996 – 1997 International Councellor, Asia Society
- 1994 - 1999 Ketua Umum KADIN periode I
- 1993 – 1998 Anggota, Majelis Pemusyawaratan Rakyat (MPR) – periode II
- 1993 – 1995 Anggota Dewan Penasehat, International Finance Corporation
- 1993 – 1995 Présidhèn ASEAN Business Forum (d/h Institute of South East Asian Business) – periode II
- 1991 - 1993 Présidhèn ASEAN Business Forum (d/h Institute of South East Asian Business) – periode I
- 1989 – 1994 Ketua Umum Persatuan Insinyur Indonésia
- 1988 – 1993 Wakil Ketua Umum, KADIN Bidang Indhustri lan Indhustri Alit
- 1988 - 1993 Anggota, Majelis Pemusyawaratan Rakyat (MPR) – periode I
- 1985 – 1993 Ketua Bidang Dana PBSI (Persatuan Bulu Tangkis Indonésia)
- 1984-sapuniki Ketua, Partai Golongan Karya
- 1984 – 1988 Wakil Ketua, Asosiasi Kerjasama Bisnis Indonésia – Australia
- 1977 – 1979 Ketua Umum, HIPMI (Himpunan Pengusaha Muda Indonésia)
- 1976 – 1989 Ketua Umum, Gabungan Pabrik Pipa Baja Seluruh Indonésia
- 1975: Ketua Departemen Perdagangan HIPMI
- 1973 – 1975 Wakil Ketua Departemen Perdagangan, HIPMI
[sunting] Bebungah
- 1997 Bebungah “ASEAN Business Person of the Year” saking the ASEAN BusinessForum
- 1995 Bebungah “Businessman of the Year” saking Harian Republika
- 1986 Bebungah “The Outstanding Young People of the World” saking the Junior Chamber of Commerce
| Pejabat sadurungé: Muhammad Jusuf Kalla |
Ketua Umum Partai Golkar 9 Oktober 2009 – saiki |
Isih njabat |
| Pejabat sadurungé: Alwi Shihab |
Menteri Koordinator Kesejahteraan Rakyat 6 Desember 2005 – saiki |
Isih njabat |