Absurdisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Absurdisme iku sawijining aliran utawa paham sajeroning filsafat kang mratélakaké yèn upaya manungsa kanggo nemu makna sajeroning alam samesta wekasané gagal (lan mula saka iku diarani absurd), sebab makna mau ora ana, paling sethithik kang magepokan karo individu. Tembung "absurd" sajeroning kontèks iki ora ateges ora mungkin kanthi logika (logically impossible), nanging luwih duwé teges ora mungkin kanthi manungsa (humanly impossible).[1]

Absurdisme iku magepokan karo èksistènsialisme lan nihilisme lan duwé oyod saka filsuf Dhènemarken abad kaping-19, Søren Kierkegaard. Absurdisme minangka sistem kapracayan lair nalika anané obahan èksistènsialisme, nalika filsuf lan panulis Aljazair katurunan Prancis Albert Camus oncat saka aliran filsafat mau [2] lan nerbitaké manuskrip The Myth of Sisyphus. Kaanan sawisé Perang Donya II nuwuhaké lingkungan sosial kang nyuburaké wawasan absurdisme, mligi ing nagara Prancis kang rusak amarga paprangan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Silentio, Johannes de. Fear and Trembling. Penguin Classics, p. 17
  2. Solomon, Robert C. (2001). From Rationalism to Existentialism: The Existentialists and Their Nineteenth Century Backgrounds. Rowman and Littlefield. kc. 245. ISBN 074251241X.

Wacan[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Kierkegaard