Abdullah bin Abbas
Abdullah bin Abbas (Basa Arab عبد الله بن عباس) yaiku sawijining Sahabat Nabi, lan minangka anak saka Abbas bin Abdul-Muththalib, pak Dhe saka Rasulullah Muhammad SAW. Dheweke uga dikenal kanthi jeneng Ibnu Abbas (619 - Thaif, 687/68H).
Ibnu Abbas yaiku salah siji sahabat kang jembar kawruhe, lan akeh hadits sahih kang diriwayatake lumantar Ibnu Abbas, lan dheweke uga mudunake sekabehing Khalifah saka Bani Abbasiyah.
Biografi [sunting]
Kulawarga [sunting]
Dheweke yaiku anak saka kulawarga sugih yaiku Abbas bin Abdul-Muththalib, mula saka kuwi dheweke diarani Ibnu Abbas, anak saka Abbas. Ibune Ibnu Abbas yaiku Ummu al-Fadl Lubaba, kang minangka wanita kapindho kang mlebu Islam, nindakake sawijining tindakan kang padha karo kanca cedhake yaiku Khadijah binti Khuwailid, garwa Rasululah. [1].
Bapak saka Ibnu Abbas lan bapak saka Muhammad yaiku anak saka wong kang padha, Syaibah bin Hâsyim, luwih dikenal kanthi jeneng Abdul-Muththalib. Bapak wong tuwa mau yaiku Hasyim bin Abdulmanaf, penerus saka Bani Hasyim klan saka Quraisy kang misuwur ing Mekkah. Ibnu Abbas uga nduweni sedulur yaiku Fadl bin Abbas