Abdul Aziz bin Abdullah bin Baz

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Abdul Aziz bin Abdullah bin Baz utawa kondhang kanthi jeneng Syaikh Bin Baz, ya iku tokoh ing babagan fiqih.[1]

Syaikh bin Baz asma jangkepé ya iku Abdul Aziz Bin Abdillah Bin Muhammad Bin Abdillah Ali (kulawarga) Baz. Dhèwèké lair ing kutha Riyadh wulan Dzulhijah 1330 H. Nalika taun 1346 H, mripaté Syaikh Bin Baz kena infèksi kang nggawé rabun, lan saya suwé ndadèkake wuta ing taun 1350 H.

Sekolahé[besut | besut sumber]

Syaikh Bin Baz apal Al Qur’an sadurungé baligh. Apalané diuji ing sangarepé Syaikh Abdullah Bin Furaij. Banjur dhèwèké nyinaoni ngèlmu-ngèlmu saréngat (saréngat) lan basa Arab saka bimbingan ulama-ulama ing kuthané dhéwé kaya ta:

  1. Syaikh Muhammad Bin Abdil Lathif Bin Abdirrahman Bin Hasan Bin Asy Syaikh Muhammad Bin Abdul Wahhab, hakim ing kutha Riyadh.
  2. Syaikh Hamid Bin Faris, pejabat wakil urusan Baitul Mal, Riyadh.Dhèwèké nimba ngèlmu tauhid ing taun 1355 H.
  3. Samahatus Syaikh Muhammad Bin Ibrahim Bin Abdul Lathief Alu Syaikh, dhèwèké bermuzalamah kanggo nyinaoni ngèlmu agama, kaya: aqidah, fiqih, hadits, nahwu, faraidh (ngèlmu waris), tapsir, sirah, suwéné kurang luwih 10 taun. Mulai 1347 nganti taun 1357 H.

Dhèwèké sinau babagan fiqih nganggo thariqah (mahdzab) Ahmad Bin Hanbal rahimahullah. Lan ngadhepi ikhtilaf ulama, dhèwèké nganggo métodologi tarjih. Uga manawa dhèwèké ngetokaké fatwa, kususé manawa tinemu silang penemu ing antarané ulama kang cocog karo panemu Imam Ahmad utawa ora.

Karir[besut | besut sumber]

Syaikh Bin Baz asring èntuk amanah ngenani babagan agam, kaya ta:

  • Hakim sakiwa-tengené 14 taun, saka wulan Jumadil Akhir taun 1357 H.
  • Guru Ma’had Ilmi Riyadh taun 1372 H lan dosèn ngèlmu fiqih, tauhid, lan hadits nganti taun 1380 H.
  • Wakil Rektor Universitas Islam Madinah taun 1381-1390 H.
  • Rektor Universitas Islam Madinah taun 1390 H ngganti rèktor sadurungé kang séda ya iku Syaikh Muhammad Bin Ibrahim Ali Syaikh saka taun 1389 tekan 1395 H.
  • Tanggal 13 wulan 10 taun 1395 diangkat dadi pimpinan umum kang ana gadhèngané karo babagan èlmiah, fatwa-fawa, dakwah lan bimbingan kaagaman.

Karya[besut | besut sumber]

Karangan-karangané, kaya ta:

  • Al-Fawaid al-Jalilah fi al-Mabahits al-Fardhiyah,
  • At-Tahdzir minal Bida’,
  • Al-‘Aqidah ash-Shahihah wamaa Yudhaadhuha,
  • Al-Jihad fi Sabilillah,
  • Ad-Da’watu Ilallah wa Akhlaaqu ad-Du’at,
  • Al-Jawabul Mufid fi Hukmi at-Tashwiir,
  • Wujuubu Tahkiimi Syar’illahi wa Nabdzu maa Khaalafahu

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1], diaksés tanggal 3 Juli 2011.