AK-47
| AK-47 (data ing ngisor iki kanggo AK-47 Tipe 1) | |
|---|---|
AK-47 Tipe 2, varian pisanan sing migunakaké receiver tipe machined. |
|
| Tipe | Senapan serbu |
| Negara asal | Uni Sovyèt |
| Sejarah pemakaian | |
| Digunakan | 1949— |
| Pemakai | Uni Soviet, akèh liyané |
| Sejarah produksi | |
| Perancang | Mikhail Kalashnikov |
| Tahun | 1947 |
| Jumlah | Di atas 100 juta[1] |
| Varian | Lihat Varian |
| Spesifikasi | |
| Berat | 4,3 kg |
| Panjang | 870 mm (34¼ inci) |
| Panjang laras | 415 mm (16,3 inci) |
|
|
|
| Peluru | 7,62 x 39 mm |
| Mekanisme | Operasi gas, bolt berputar |
| Kec. tembak | 600 butir/menit |
| Kec. peluru | 710 m/s |
| Jarak efektif | 300 m |
| Pengisian | Magazen box 30 butir, Magazen box RPK 40 butir, Magazen drum RPK 75 butir |
| Alat bidik | Bidikan besi |
AK-47 (cekakan saka Avtomat Kalashnikova 1947, Rusia: Автомат Калашникова образца 1947 года) iku senapan serbu sing dirancang déning Mikhail Kalashnikov, diproduksi déning pabrik senjata Rusia IZhMASh, lan dipigunakaké déning akèh negara Blok Wétan ing jaman Perang Dingin. Senapan iki diadopsi lan didadèkaké senapan standar Uni Soviet ing taun 1947.[2] Yèn dibandingaké karo senapan sing digunakaké snalika Perang Donya II, AK-47 nduwèni ukuran luwih cilik, kanthi jangkauan sing luwih cendhak, nganggo pluru kaliber 7,62 x 39 mm sing luwih cilik, lan nduwèni pilihan tembakan (selective-fire). AK-47 klebu salah siji senapan serbu pisanan lan nganti saiki minangka senapan serbu sing paling akèh diproduksi.[2][3]
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Latar wuri desain [sunting]
Jroning Perang Donya II, Jerman nyipta konsep senapan serbu. Konsep iki didhasari pengalaman yèn pertempuran modhèrn luwih akèh kedadéyan ing jarak sing cukup cedhak, yaiku watara 100 meter. Tenaga lan jangkauan pluru wektu kuwi kacihna kagedhèn. Mula, Jerman wiwit ngembangaké pluru lan senapan sing duwé sipat submachine gun (isi magazen akèh lan bisa némbak full-otomatis) kanthi pluru sing jangkauané bisa nganti 300 meter. Kanthi nimbang béya prodhuksi, ink digayuh kanthi nyendhakaké pluru 7,92 x 57 mm Mauser dadi ukuran 33mm yaiku 7,92 x 33mm Kurz (Kurz tegesé cendhak).
Asilé, Sturmgewehr 44, pancèn dudu senapan pisanan sing migunakaké konsèp iki; sadurungé Italia lan Uni Soviet tau ngrancang konsèp sing padha. Ananging, Jerman sing pisanan mrodhuksi masal senapané. Jerman akèh migunakaké senapan anyar kanggo ngadhepi Soviet ing Front Wétan. Pengalaman Uni Soviet nglawan Jerman iki sing mengaruhi doktrin Soviet ing taun-taun sabanjuré.
Varian [sunting]
Varian-varian Kalashnikov yakuwi:
- AK-47 1948–51, 7,62 x 39 mm — Model paling wiwitan, sing migunakaké receiver stamping Tipe 1, lan wis langka.
- AK-47 1952, 7,62 x 39 mm — Migunakaké receiver machined kanthi popor lan gagang kayu. Laras lan kamar pluru dilapisi krom kanggo nyegah korosi. Bobot senapan 4,2 kg.
- AKS-47 — Migunakaké popor lempit mangisor sing mirip popor MP40 Jerman.
- RPK, 7,62 x 39 mm — Versi senapan mesin, kanthi laras sing luwih dawa lan bipod.
- AKM, 7,62 x 39 mm — Luwih prasaja lan luwih ènthèng tinimbang AK-47; migunakaké receiver Tipe 4 sing kagawé saka logam stamping. Bobot mudhun dadi 3,61 kg, amarga receiver sing luwih ènthèng.
- AKMS, 7,62 x 39 mm — Versi AKM sing migunakaké popor lempit mangisor utawa menyang sisih.
- AKMSU, 7,62 x 39 mm — Versi cendhak tinimbang AKM sing migunakaké popor lempit mangisor. Dawané laras 35 cm.
- Seri AK-74, 5,45 x 39 mm — Pirsani artikel utama.
- Seri AK-101, 5,56 x 45 mm — Pirsani artikel utama.
- Seri AK-103, 7,62 x 39 mm — Pirsani artikel utama.
- Seri AK-107/108 — Pirsani artikel utama.
Ing taun 1978, Uni Soviet wiwit ngganti senapan AK-47 lan AKM nanggo rancangan sing luwih anyar, yaiku AK-74.
Delengen uga [sunting]
Rujukan [sunting]
- ^ Gorshkov, Nikolai. "Russian producer wins Kalashnikov rights", BBC News - World Edition, 02-06-2002.
- ^ a b Poyer, Joe (2004). The AK-47 and AK-74 Kalashnikov Rifles and Their Variations. North Cape Publications. pp. hal 1.
- ^ "Weaponomics: The Economics of Small Arms"
Referensi [sunting]
- Ezell, Edward Clinton (1986). The AK-47 Story: Evolution of the Kalashnikov Weapons. Mechanicsburg, PA: Stackpole Books. ISBN 0-8117-0916-7.
- Poyer, Joe (2004). The AK-47 and AK-74 Kalashnikov Rifles and Their Variations (Paperback). Tustin, CA: North Cape Publications. ISBN 1-882391-33-0.
- Ezell, Edward Clinton; R. Blake Stevens (2001). Kalashnikov: The Arms and the Man. Cobourg, ON: Collector Grade Publications. ISBN 0-88935-267-4.
- Guinness Book of Records. ISBN 1-892051-22-2.
- Small Arms of the World. ISBN 0-88029-601-1.
Pranala jaba [sunting]
- Cithakan:Extlink-fa(en) Situs resmi produsen: IZhMASh
- (en) AK Site — Kalashnikov homepage
- (en) AK-47 Museum virtual tour
- (en) AK-47 di situs Modern Firearms
- (en) Animasi operasi AK-47
- (en) Buku manual AK-47 di situs Nazarian's Gun's Recognition Guide