A. Rafiq
| Ahmad Rafiq | |
|---|---|
![]() |
|
| Latar mburi | |
| Lair | 5 Maret 1948 (umur 64) |
| Perdamelan | penyanyi dhangdhut, aktor |
| Pasangan | Aisyah |
| Anak | Fadila A Rafiq Farhad A Rafiq Fairuz A Rafiq |
A. Rafiq (lair ing Pekalongan, Jawa Tengah, 5 Maret 1948; umur 64 taun).[1] A. Rafiq menika salah setunggaling aktor Indonésia.[2] Kejawi dados aktor, A. Rafiq ugi misuwur minangka penyanyi dhangdhut Indonésia.[2] A. Rafiq menika salah setunggaling penyanyi dhangdhut kanthi dandanan modhèl niru Elvis Presley.[2] A. Rafiq misuwur kanthi jabatan dados penyanyi dhangdhut ingkang kondhang.[2] Lagu dhangdut ingkang sepisanan dipuntembangaken déning A. Rafiq inggih menika lagu ingkang irah-irahanipun "Pengalaman Pertama". [2]Lagu dhangdhut menika dados lagu top hit ing tengahan taun 1978. [2]Lagu menika lajeng dipunyanyèkaken malih déning Nirina Zubir ingkang dhuèt kaliyan grup musik ingkang naminipun Slank.[2] Lagu menika lajeng dados jalur swanten film kanthi irah-irahan Get Married.[2] Kejawi dados penyanyi dhangdhut, A. Rafiq menika ugi naté akting wonten ing film layar lebar.[2] A. rafiq akting film layar lebar kaliyan Farouk Afero. [2]A Rafiq ugi naté nggadhahi profesi dados sutradara.[2] Nalika semanten, A. Rafiq nggarap sinetron drama semi musikal ingkang irah-irahanipun Si Miskin Bercinta.[2] Nalika nggarap sinetron seri menika, A. Rafiq ugi nggarap sesarengan kaliyan musisi-musisi saha penyanyi kadosta Mansur S, Hetty Soenjaya, Jaja Miharja, saha Ira Savira, kejawi menika ugi wonten artis kawakan ingkang naminipun Mieke Wijaya.[2] A. Rafiq nggadhahi katurunan Arab.[2] A. Rafiq naté sekolah wonten ing studi akting ing LPKJ (samenika IKJ), saha ndhèrèk workshop ngéngingi caranipun damel film ingkang dipunwontenaken déning TIM sesarengan kaliyan Persatuan Artis Film Indonésia. [2]Putra-putranipun A. Rafiq ingkang sukses nggadhahi karir wonten ing donyaning hiburan Indonésia inggih menika Fadila A Rafiq, Farhad A Rafiq saha Fairuz A Rafiq.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
