4bia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
4bia
Sutradara Youngyooth Thongkonthun
Banjong Pisanthanakun
Parkpoom Wongpoom
Paween Purijitpanya
Produser Jira Maligool
Panulis Youngyooth Thongkonthun
Banjong Pisanthanakun
Parkpoom Wongpoom
Paween Purikitpanya
Eakasit Thairatana
Paraga Laila Boonyasak
Maneerat Kham-uan
Apinya Sakuljaroensuk
Panyunting Paween Purikitpanya
Distributor GMM Tai Hub
Durasi 240 menit
Negara Thailand

4bia utawi phobia (basa Thai: สี่แพร่ง utawi See Prang) inggih punika film horor Thailand ingkang gadhahi sekawan segmen ingkang saben-saben segmen dipunserat lan dipunsutradarai dening Youngyooth Thongkonthun, Banjong Pisanthanakun, Parkpoom Wongpoom, lan Paween Purijitpanya.

Plot [sunting]

1. Karemenan/Piyambakaan (Irah-irahan asli - Ngao/Loneliness; Sutradara: Youngyooth Thongkonthun)

Wewadon ingkang tasih alit gadhahi asma Pin. Piyambakipun gesang kanthi piyambakaan. Kacilakan ingkang dadosaken samparanipun dipungips dadosaken piyambakipun lamun ing kamar. Gesangipun namung kangge ningali internet lan sms kaliyan kancanipun. Ngantos wekdal wonten sms saking no ingkang mboten tinepang ingkang badhe nyuwun tetepangan. Pungkasanipun Pin sms kaliyan tiyang punika. Pin dados langkung remen amargi tiyang kakung punika (kanca sms) mangsuli sms Pin, mboten kados kanca-kancanipun punika. Tiyang kakung punika lajeng nyuwun dipunkintuni foto Pin uga Pin punika nyuwun foto tiyang kakung punika. Nalika ngintunaken foto, Pin kaget amargi foto ingkang dipunkintun ing piyambakipun inggih punika foto kala wau ingkang dipunkintun Pin kagem tiyang kakung punika. Nyatanipun tiyang kakung punika wonten ing caketipun Pin. Tiyang kakung punika sampun seda lan sampun 1000 dinten. Lajeng punika Pin ugi derek seda.

2. Mripat Gantos Mripat (Irah-irahan Asli - Yan Sang Tai/Deadly Charm; Sutradara: Paween Purikitpanya)

Wonten geng ing sekolah ingkang gadhahi panguwasan. Anggota geng punika kejawi Pink lan Chieko, dipunlaporken dening siswa ingkang asmanipun Ngid, amargi gadhahi ganja. Ngid lajeng dipunparingi bogem dening anggota geng punika ngantos seda. Saben tiyang ingkang ningali gambaripun Ngid, salajengipun sami seda. Chieko ingkang ningali ugi seda amargi gulunipun nuncep ing wesi. Sedaya anggota grup punika seda amargi sami ningali gambar ing kertas punika.

3. Tiyang Tengah (Irah-irahan asli - Kon Klang/Person or Persons Unknown; Sutradara: Banjong Pisanthanakun)

Wonten sekawan tiyang kakung inggih punika Aey, Puak, Shin lan Ter ingkang sami remen rafting. Saderengipun tilem, sekawanipun punika criyos. Salah satunggalipun Aey criyos menawi piyambakipun seda, piyambakipun badhe nyuwun tiyang ingkang kersa tilem ing tengah, tilem kaliyan piyambakipun. Enjangipun kasekawan tiyang kakung punika rafting, ananging mustakanipun kuwalik. Aey ical mboten ngertos. Wengi ingkang katiga tiyang ingkang slamet badhe sare, Ter kemutan kaliyan criyos Aey. Lajeng Aey wangsul ing tenda lan dadosaken tiyang tiga kala wau kaget. Tiyang tiga kala wau lega amargi Aey sampun wangsul, ananging Shin lan Ter gadhahi Aey aneh, amargi mboten punapa-punapa. Lajeng Ter ngertos menawi Aey sampun seda, sawekdal punika wonten ing ping lan ngertos mayitipun Aey. Ter, Shin , lan Puak kaget, ananging Ter badhe nedahaken mayit Aey marang piyambakipun. Ananging kasunyatanipun kasekawanipun sampun seda sedaya. Katiganipun nembe ngertos menawi sami sedha nalika dipuntedahaken dening Aey.

4. Pamaburan (Irah-irahan asli - Teaw Bin 224/Flight 224; Sutradara: Parkpoom Wongpoon)

Wonten pramugari ingkang wonten ing moto mabur. Piyamabkipun gadhahi tugas dados pramugari kagem putri krajan Vanistan, asmanipun Sophia. Putri punika inggih punika garwa saking pangeran Albert. Putri Sophia ngertos menawi pramugari Pim inggih punika selingkuhanipun garwanipun Albert. Putri Shopia ngagem ali-ali ingkang sami kaliyan Pim. Ali- ali punika saking Albert. Lajeng ali-ali ingkang dipunagem dening Pim, dipunpidak dening Putri Sophia. Nalika dhahar, Pim maringi dhaharan kagem Putri Shopia, ananging piyambakipun mboten purun. Putri Shopia malah nyuwun dhaharan ingkang dipungadhahi Pim. Dhaharan Pim ingkang wonten urangipun, ndadosaken Putri Sophia alergi. Ananging Putri Sophia meksa, urang punika dipunsingkiraken dening Pim. Dhaharan punika ugi didhahar, ananging sesampunipun punika Putri Sophia watu-watuk. Pim badhe maringi toya, ananging Putri Sophia tumuju ing toilet. Nembe punika Pim ngertos menawi piyambakipun selingkuh kaliyan garwanipun Putri Sophia, Albert. Putri Sophia nitih pesawat lan piyambakipun badhe nyataaken menawi Pim punika pragawati. Menawi nembe transit ing Bandhara, Putri Sophia dipunwartakaken seda amargi alergi punika, lan badhe dipunwangsulaken ing krajan. Pim gadhahi tugas kagem jagi mayitipun Putri Sophia. Ing motor mabur Pim ngraos mayit punika gerak, piyambakipun lapor marang kapten, ananging mboten dipercados. Pungkasanipun Pim seda mirip kaliyan criyos Putri Sophia inggih punika tiyang estri ingkang selingkuh kados seda kanthi ngrungkuk nyuwun pangapunten kaliyan garwa tiyang ingkang dipunselingkuhaken.[1]

Pranala Njaba [sunting]

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ UK to Face Thai Phobia This May!(dipuntingali tanggal 25 November 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=4bia&oldid=833245"