3G

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

3G utawa Third Generation (cara Jawa: Gènerasi Katelu) iku tèknologi komunikasi mobah (sèlulèr) kang dadi lanjutané gènerasi 2G.[1] 3G diwanuhaké taun 2002.[1] Layanan kang ditawaraké tèknologi 3G luwih akèh, luwih amba, tur luwih maju tinimbang tèknologi sadurungé, kamangka momotan jaringané bisa lumaku kanthi spèktrum kang èfisièn.[1] Layanan kang ditawaraké nglimputi tilpun swara, tilpun vidhio, lan broadband wireless data (pangirimé dhata kanthi nirkabel), kang sakabèhé lumaku ana ing kukuban mobah.[1]

Lumantar 3G, panganggo tilpun sèlulèr bisa ngaksès menyang Internèt kanthi rikat 384 kbps nalika pinuju lumaku, 128 kpbs nalika ing mobil, lan 2 Mbps nalika mapan.[2]

Ana ing gènerasi 2G, tèknologi komunikasi mobah kapérang dadi vèrsi GSM lan CDMA. Ana ing gènerasi 3G, GSM didandani dadi UMTS, déné CDMA didandani dadi EvDO.

Kalebu layanan 3G ya iku HSPA (3.5G) kang bisa ngirim dhata nganti rikat 14.4 Mbit/s (ngundhuh) lan 5.8 Mbit/s (ngunggah).

Ing Indonésia, Direktorat Jenderal Pos dan Telekomunikasi lumantar lélang mutusaké ana operator sèlulèr cacah telu kang tinanggenah nyekel lisènsin pangembangé tèknologi 3G, ya iku Telkomsel, Excelcomindo Pratama, lan Indosat.[3]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c d "Generations of Wireless Communication. From 0G to 5G | Abhi". Academia (ing basa Inggris). Dibukak ing 20 Juli 2017.
  2. "3G". Webopedia . Dibukak ing 20 Juli 2017.
  3. "Seminar Bisnis Wireless 2006: "3G and or versus Wimax"". ITB.ac.id . Dibukak ing 20 Juli 2017.