10,000 BC
| 10,000 BC | |
|---|---|
Promotional poster |
|
| Sutradara | Roland Emmerich |
| Produser | Michael Wimer Roland Emmerich |
| Panulis | Harald Kloser Roland Emmerich |
| Narator | Omar Sharif |
| Paraga | Steven Strait Camilla Belle Cliff Curtis |
| Musik déning | Harald Kloser Thomas Wander |
| Distributor | Warner Bros. |
| Tanggal rilis | |
| Durasi | 109 menit |
| Negara | Amérika Sarékat |
| Basa | Basa Inggris |
| Anggaran | $140.000.000 |
| Bathi reged | $227.420.000 (1 April 2008) |
10,000 BC utawa 10000 SM iku sawijining film sing dirilis ing taun 2008. Film weton Amérika iki lakoné ana ing jaman pra-sajarah lan disutradarani déning Roland Emmerich. Bintang filmé antarané Camilla Belle lan Steven Strait. Tayangan perdana film iki ana ing tanggal 26 Februari 2008 ing CineStar theater in Berlin.[2][3] Ing Amérika Sarékat, film iki dirilis ing tanggal 6 Maret 2008.[4]
Sinopsis [sunting]
Film iki perkara sawijining suku pamburu mamut sing manggoné ana ing tegalan amba adhem. Ing sawijining dina, suku iki nemu bocah wadon enom sing matané wernané biru. Bocah wadon sing jenengé Evolet iki, siji-sijiné anggota sukuné sing isih urip. Sing liyané wis padha dipatèni kabèh déning "sétan asikil papat" (para satriya sing numpak jaran). Banjur Evolet urip karo suku iki. Dhèwèké ditresnani banget karo sawijining bocah sing jenengé D'Leh.
Cathetan sikil [sunting]
- ^ http://imdb.com/title/tt0443649/releaseinfo
- ^ Welt Online. "Emmerich feiert Start seines Steinzeit-Films (German)", Die Welt, 2008-02-26. diaksès tanggal 2008-03-11.
- ^ Hilary Whiteman. "10,000 BC: The premiere (English)", CNN, 2008-03-03. diaksès tanggal 2008-03-11.
- ^ imdb.com. "10,000 BC (2008) IMDb", IMDb, 2008-03-06. diaksès tanggal 2008-03-11.