Óscar Pujol Muñoz
| Informasi pribadi | |
|---|---|
| Jeneng jangkep | Óscar Pujol Muñoz |
| Rékor tandhing | |
| Tim saiki | Azad University Cross Team |
| Disiplin | Dalan |
| Posisi | Pebalap |
| Tim amatir | |
| 2008 | Burgos Monumental |
| Tim profesional | |
| 2009–2010 2011 2012–saiki |
Cervélo TestTeam Omega Pharma-Lotto Azad University Cross Team |
| Kothakinfo iki pungkasan diperbarui pada 10 Juni 2012 |
|
Óscar Pujol Muñoz (lair ing Terrassa, Barcelona, 16 Oktober 1983; umur 29 taun) iku pebalap pit asal Spanyol sing saiki main kanggo salah siji tim kontinèntal UCI ing Iran, Azad University Cross Team.[1] Sadurungé, Pujol tau main ing Cervélo TestTeam lan Omega Pharma-Lotto.
Karir[sunting]
Pujol diwé karir minangka pebalap profésional kanggo tim Spanyol, Burgos Monumental nalika taun 2008. Dhèwèké banjur nggabung karo Cervélo TestTeam, lan main kanggo tim kasebut sakwéné rong taun ing Tour d'Espagne.
Nalika taun 2011, dhèwèké nggabung karo Omega Pharma-Lotto. Nanging taun 2012, tim kasebut dibubaraké amarga patikaian sponsor lan pecah dadi rong tim yaiku Quick Step lan Lotto-Belisol. Mula, Pujol ora bisa main senajan wis nandhatangani kontrak sakwéné rong taun.
Nalika awal April 2012, dhèwèké direkrut déning tim asal Iran, Azad University Cross Team. Dhèwèké banjur wiwit main ing salah siji kajawaran UCI, Tour de Singkarak, lan tampil minangka jawara umum ing kajawaran kasebut.[2]
Prèstasi[sunting]
Urur adhedhasar taun, Pujol tau nggayuh jawara jroning kajawaran-kajawaran balap pit, arupa jawara etape uga jawara umum:
- 2006
- Etape 3 Tour of Cantabria
- Etape 1 lan 4 Tour of Salamanca
- 2007
- Etape 4 Tour de Navarre
- 2012
- Tour de Singkarak
Réferènsi[sunting]
- ^ "Oscar Pujol joins Iranian Continental team", Cycling News, 2012-04-09. diaksès tanggal 2012-06-10. (Inggris)
- ^ "Pujol Munoz juara Tour de Singkarak 2012", ANTARA, 2012-06-10. diaksès tanggal 2012-06-10.