Éksositosis
2. Molekul sinyal (neurotransmiter) dibungkus oleh vesikula
7. Eksositosis molekul sinyal
Eksositosis yaiku mekanisme transpor molekul gedhe kaya protein lan polisakarida, ngiteri membran plasma saka jero teka njaba sel (sekresi) kanthi cara nggabungake vesikula kang isine molekul mau karo membran plasma.[1][2] Vesikula transpor kang pedhot karo aparatus Golgi dipindahake dening sitoskeleton tekan membran plasma.[1] Nalika membran vesikula lan membran plasma padha ketemu, molekul lipid membran nyusun ulang awake dhewe sahengga sakloron membran nggabung.[1] Kandungan vesikulane banjur ketumplek ing jaba sel.[1] Akeh sel sekretoris nggunakake eksositosis kanggo ngirim produk-produke ing jaba.[1] Tuladhane sel tartemtu ing pankreas ngasilake hormon insulin lan nyekresekake ing getih lumantar eksositosis.[1] Tuladha liyane yaiku neuron utawa sel saraf kang nggunakake eksositosis kanggo nguculake sinyal kimiawi kang ngrangsang neuron liya utawa sel otot.[1] Nalika sel tanduran lagi gawe dinding, eksositosis ngetokake karbohidrat saka vesikula Golgi tekan bageyan njaba sel.[1]