Ènsiklopédhi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮ
Der Neue Pauly.jpg

Ènsiklopédhi utawa bauwarna iku sawetara buku sing isiné pawedharaning saben cabang ngèlmu sains sing katata miturut abjad utawa miturut katégori lan carané nata cekak lan padhet.

Étimologi[sunting | sunting sumber]

Tembung 'ènsiklopédhi' dijupuk saka basa Yunani; enkyklios paideia (ἐγκύκλιος παιδεία) sing tegesé sawijining bundheran utawa pangajaran sing pepak. Karepé iku ènsiklopédhi iku sawijing pendhidhikan paripurna sing ngamot kabèh bundheran ngèlmu sains.

Banjur tembung ‘bauwarna’ iku dijupuk saka basa Sangskreta lan sajatiné tembung majemuk saka tipe bahuvrihi. Tembung iki dadi kasusun saka rong bagéyan: ‘bau’ utawa ‘bahu’ lan ‘warna’. Tembung ‘bau/bahu’ iku tegesé akèh lan tembung ‘warna’ iku tegesé ‘rupa’ utawa ‘wujud’. Dadi tegesé ‘akèh prakara’.

Kerep konsèp ènsiklopédhi disalah-kaprahaké karo bausastra (kamus). Nanging prakara iki ora anèh amarga ènsiklopédhi-ènsiklopédhi awal pancèn mula-mulané disusun saka bausastra. Prabédan utama antara kamus lan ènsiklopédhi iku; sawijining kamus namung mènèhi katrangan définis saben entri utawa lemma sing dideleng saka sudhut pandhang linguistik utawa namung mènèhi sinonim-sinonim waé. Kamangka sawijining ènsiklopédhi kawedaraning sawijining entri luwih jero. Sawijining ènsiklopédhi iku nyoba mènèhi katrangan saben artikel arupa sawijining fénomèna. Utawa luwih cekak manèh; ènsiklopédhi iku daftar prakara kamangka kamus iku daftar tembung.

Ènsiklopédhi nalika Jaman Klasik Antik ing Eropah[sunting | sunting sumber]

Tembung ènsiklopédhi asalé saka basa Yunani, dadi ora anèh yèn asalé uga saka Yunani kuna. Nanging ènsiklopédhi paling tuwa dudu saka Yunani nanging saka Kakaisaran Romawi lan ditulis déning Marcus Porcius Cato sing sugeng ing abad kaping-3 lan 2 sadhurungé Maséhi. Nanging ènsiklopédhi sing isih ana nganti saiki lan sing tuwa dhéwé ditulis déning Caius Plinius Secundus ing abad Masehi kaping-1. Ènsiklopédhi Plinius iki kasusun saka 38 jilid.

Sajarah ènsiklopédhi ing donya modhèrn[sunting | sunting sumber]

Ing jaman modhèrn tembung ènsiklopédhi kaping pisan dienggo déning Paul Scalich, sawijining panulis Jèrman ing taun 1559. Banjur filsuf Inggris Francis Bacon ing awal abad kaping-17 nganggo tembung iki ing teges modhèrn.

Nanging konsèp tembung ènsiklopédhi lagi dienggo ing pangertèn kaya saiki sawisé ditepungaké déning Denis Diderot, sawijining panulis lan filsuf Prancis uga nganggo tembung iki kanggo mènèhi jeneng proyèk sing lagi digarap karo dhèwèké.

Proyèké sing uga bisa diarani proyèk abad kaping-18 iki suwéné ana 30 taun, saka taun 17501780. Don proyèk iki kanggo nulis secara sistèmatis kabèh kawruh sing dingertèni kabèh umat manungsa. Ing basa Prancis ènsiklopédhi Diderot iki diarani: Encyclopédie ou Dictionnaire raisonné des sciences, des arts et des métiers. Tegesé ing basa Jawa iku “Ènsiklopédhi utawa Kamus sing ana catetané prakara sains, seni, lan pakaryan”.

Ènsiklopédhi Jaman Klasik ing Tanah Jawa[sunting | sunting sumber]

Ènsiklopédhi sing paling tuwa ing Tanah Jawa iku asalé saka budaya Jawa-Hindhu lan ditulis ing basa Jawa Kuna. Ènsiklopédhi iki diarani Cantaka Parwa lan isiné werna-werna kawruh ngèlmu sains lan carita-carita mitologi karo wiracarita. Mbokmenawa layang Cantaka Parwa iki ditulis ing abad kaping-9 Masèhi.

Saliyané Cantaka Parwa, layang Canda Kirana sing asalé kurang luwih saka jaman sing padha uga pantes disebut nèng kéné. Nanging Canda Kirana sajatiné luwih akèh nudhuhi ciri-ciri khas kamus katimbang ènsiklopédhi. Layang Canda Kirana iki asalé saka budaya Buddha-Jawa.

Banjur ing jaman pasca-Hindhu utawa jaman Islam Jawa, antara abad kaping-16 nganti abad kaping-18, muncul akèh karya-karya sastra sing sajatiné dudu dikarepaké dadi ènsiklopédhi, nanging asifat ènsiklopédhik. Buku-buku sing dikarepaké iki yaiku Serat Centhini lan Serat Cabolang.

Buku-buku iki isiné carita siswa lelana lan sinau ing ngendi-endi. Ing saben papan sing diampiri, siswa iki sinau prakara-prakara anyar. Buku-buku iki kerep kandelé nganti pirang-pirang jilid. Wiwitané pancèn ditengeri panglumpukan karya-karya bab kabèh jinis kawruh sing dirangké dadi siji.

Banjur ing tengahé abad kaping-19, sang pujangga Kasunanan Surakarta; Ki Ranggawarsita nulis sawijining karya sastra sing diparingi jeneng layang Pustaka Raja Purwa. Akèh wong sing nggandrungi buku iki. Isiné perkara werna-werna carita bab sejarah ratu-ratu jaman kuna lan liya-liyané. Carita-carita iki ditulis miturut cara kronologis déning Ki Ranggawarsita. Malahan sawisé Ki Ranggawarsita ora nerusaké carita iki, ana wong-wong liya sing nerusaké.

Kurang luwih waktuné padha karo Ranggawarsita, ana uga sawijining karya sing asifat ènsiklopédhik ing Surakarta déning Ki Padma Susastra (Wira Pustaka). Kitab iki déning Ki Padma Susastra diparingi jeneng Bauwarna. Karyané iki wis asifat modhèrn, amarga bahan-bahan sing dibahas lan dimot ing bukuné disusun miturut abjad. Mula karo kitab Bauwarna iki, awaké dhéwé wis tekan ing éra modhèrn lan nutup éra klasik.

Ènsiklopédhi ing Tanah Jawa ing masa saiki[sunting | sunting sumber]

Wong-wong Jawa sing wis tau sinau lan olèh pendhidhikan kolonial Walanda, wiwit pungkasané abad kaping-19 lan awal kaping-20 dadi katarik karo idhé-idhé lan gaya pamikiran Donya Wétan. Banjur karya-karya sing asifat ènsiklopédhik uga ditulis, nanging saiki ora nganggo basa Jawa manèh nanging nganggo basa Indonesia. Ènsiklopédhi jangkep ing basa Indonesia lagi muncul ing taun 1953, sawisé nagara Indonesia diproklamasèkaké, yaiku Ensiklopedi Indonesia.

Ing jaman pasca Proklamasi Kamardikan Indonesia, utamané saiki iki, ènsiklopédhi sing misuwur dhéwé antara liya yaiku Ensiklopedi Indonesia sing wis kasebut ing ndhuwur. Ènsiklopédhi iki cacahé ana 7 jilid lan uga ana Ensiklopedi Nasional Indonesia sing cacahé ana 18 jilid. Banjur ing dasawarsa pungkasan abad kaping-20 uga dadi ana ènsiklopédhi sing adhedhasar agama Islam lan diarani Ensiklopedi Islam Indonesia. Salah sijiné sing nyusun ènsiklopédhi iki ya cendekiawan Muslim misuwur Prof. Dr. Nurcholish Madjid utawa Cak Nur.

Banjur uga ana ènsiklopédhi sing adhedhasar ajaran agama Katulik lan diarani Ensiklopedi Gereja sing ditulis déning Adolf Heuken S.J..

Saliyané iku uga ana pirang-pirang ènsiklopédhi-ènsiklopédhi cilik sing ora patiya wigati lan sajatiné iku pertalan saka basa-basa asing. Biyasané ènsiklopédhi-ènsiklopédhi iki ya ènsiklopédhi-ènsiklopédhi kanggo bocah.

Ènsiklopédhi ing masa ngarep[sunting | sunting sumber]

Kaca Utama www.wikipedia.org

Bareng karo munculé 'révolusi informasi digital', mula uga muncul ènsiklopédhi ing bentuk perangkat lunak (software) ing endi kabèh entri utawa lèmma bisa gampang digolèki. Salah siji contoné iku Encarta, ènsiklopédhi wetonan Microsoft. Ing taun 2001 muncul sawijinig ènsiklopédhi on-line ing internet sing bisa diowahi karo ditambahi kabèh wong. Ènsiklopédhi iki tibakné suksès banget lan diarani Wikipedia. Wikipedia bisa suksès ora mung amarga bisa diowahi kabèh wong nanging amarga uga disajèkaké ing kabèh basa, uga kalebu basa Jawa.

Ènsiklopédhi misuwur ing basa-basa liya[sunting | sunting sumber]

Uga delengen[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ènsiklopédhi&oldid=869935"