Èlpiji
Èlpiji, ing pocapan basa Indonésia akronim saka basa Inggris; LPG (liquified petroleum gas, harafiah: "gas lenga patra kang dicuwèraké"), yaiku campuran saka unsur hidrokarbon kang saka gas alam.[1] Kang ditambahi tekanan lan dimudhunké suhuné, gas malih dadi cuwèr.[1] Komponen gas didominasi propana (C3H8) lan butana (C4H10).[1] Èlpiji uga ngadhut hidrokarbon ènthèng liyané kayata etana (C2H6) lan pentana (C5H12).[1]
Ing sajroné kondisi atmosfer, èlpiji dadi gas.[1] Isi èlpiji ing bentuk cuwè luwih sithik dibanhingké ing bentuk gas kang aboté padha. Amarga kuwi èlpiji dipasarké ing bentuk cuwè ing tabung-tabung logam bertekanan.[1] kanggo nyegah ekspansi panas (thermal expansion) saka cuwèran kang dikadhung, tabung èlpiji ora diisi kebak, mung sekitar 80-85% saka kapasitas normal.[1] Rasio antara volume gas nalika nguap kuwi néka-néka manut isiné, tekanan lan temperatur, nanging biasané sekitar 250:1.[1]
Miturut spesifikasi, èlpiji dibagi dadi telung pérangan, yaiku èlpiji campuran, èlpiji propana lan èlpiji butana.[2] Spesifikasi saben-saben èlpiji wis didaftaraké ning kaputusan Direktur Jendral Minyak lan Gas Bumi Nomor: 25K/36/DDJM/1990.[2] Èlpiji kang dipasarké Pertamina kuwi elpiji campuran.[2]